Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26 dari 258
84–85 dari 810
832–841 dari 8.099
026.04 kunêng duta kang lumampah | para wali pradondi keblatnèki | satêngah kirang mangidul | lêrêse Kakbatullah | kang satêngah kirang ngalor lêrêsipun | ingoyog-oyog tan pêgat | prasami asta sawiji ||
026.05 obahing masjid upama | lir dèn oyog wong wolung atus nênggih | mingêr ngalor mingêr ngidul | amung jinawil asta | Kangjêng Sunan Bonang angandika arum | lah uwis padha mèndêla | luhung iya mêngko bêngi ||
026.06 padha nênêdha pangeran | ing bênêre keblat [1: 136: ke...blat] lan Kakbah iki | ya ta wuwusên ing dalu | wali wolu prasamya | anênêdha ing lêrêse keblatipun | Kakbah ing Mêkah katingal | saking ing Dêmak nêgari ||
026.07 para wali samya mawas | ing bênêre keblat maksih pradondi | Sunan Kali nêmbah matur | dhatêng Sinuwun Bonang | yèn mêkatên tanpa wêkasan puniku | ngadêg Sunan Kalijaga | ing guru sarya ngabêkti ||
026.08 madhêp mangidul mêrgagah | asta kiwa nyandhak sirahing mêsjid | asta ingkang têngên iku | nyandhak sirahing Kakbah | tan antara mêsjid lan Kakbah wus gathuk | matur Sunan Kalijaga | lah punika kadipundi ||
026.09 puniku măngsa owaha | mingêripun nganan kalawan ngering | saking pitulung Hyang Agung | sami mawas sêdaya | wus mupakat Kakbètullah sigra wangsul | wus pajar sidik wayahnya | asalat kang para wali ||
026.10 Sunan Bonang dadya imam | Kangjêng Sunan Kali ingkang ngamati | sampunira salat Subuh | gumêbyar lir radetya | pamidhangan kang kilèn ana gumandhul | kagèt pra wali sêdaya | prasami awas ningali ||
026.11 Sunan Bonang angandika | apa iku gumandhul sun tingali | ulêse walulang wêdhus | isine iku apa | babuntêlan kinèn nguthik sampun runtuh | katur marang Sunan Bonang | cinandhak dipun ungkabi ||
026.12 ing jêro isi rasukan | dhapur takwa ana cirine tulis | lorodane kangjêng rasul | dene [1: 137: de...ne] kang kagadhuhan | Sèh Mêlaya punika ingkang anggadhuh | Sunan Bonang angandika | anêdha Ki Jêbèng Kali ||
026.13 sira ingkang pinaringan | Sunan Kali sujud sarwi nampèni | sigra dènnya donga sokur | ngungun wali sêdaya | Sunan Bonang pangandikanira arum | pan iku ăntakusuma | lungsurane kangjêng nabi ||
84–85 dari 810