Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
26 dari 258
84–85 dari 810
836–845 dari 8.099
| 026.08 | madhêp mangidul mêrgagah | asta kiwa nyandhak sirahing mêsjid | asta ingkang têngên iku | nyandhak sirahing Kakbah | tan antara mêsjid lan Kakbah wus gathuk | matur Sunan Kalijaga | lah punika kadipundi || |
| 026.09 | puniku măngsa owaha | mingêripun nganan kalawan ngering | saking pitulung Hyang Agung | sami mawas sêdaya | wus mupakat Kakbètullah sigra wangsul | wus pajar sidik wayahnya | asalat kang para wali || |
| 026.10 | Sunan Bonang dadya imam | Kangjêng Sunan Kali ingkang ngamati | sampunira salat Subuh | gumêbyar lir radetya | pamidhangan kang kilèn ana gumandhul | kagèt pra wali sêdaya | prasami awas ningali || |
| 026.11 | Sunan Bonang angandika | apa iku gumandhul sun tingali | ulêse walulang wêdhus | isine iku apa | babuntêlan kinèn nguthik sampun runtuh | katur marang Sunan Bonang | cinandhak dipun ungkabi || |
| 026.12 | ing jêro isi rasukan | dhapur takwa ana cirine tulis | lorodane kangjêng rasul | dene [1: 137: de...ne] kang kagadhuhan | Sèh Mêlaya punika ingkang anggadhuh | Sunan Bonang angandika | anêdha Ki Jêbèng Kali || |
| 026.13 | sira ingkang pinaringan | Sunan Kali sujud sarwi nampèni | sigra dènnya donga sokur | ngungun wali sêdaya | Sunan Bonang pangandikanira arum | pan iku ăntakusuma | lungsurane kangjêng nabi || |
| 026.14 | ulêse puniku nyata | walulange wêdhus pan kongsi gundhil | sawab saking laminipun | kinarya pêsalatan | mring jêng nabi lah iya karyanên iku | kêlambi dhapure takwa | dene ta kang nganggo benjing || |
| 026.15 | bêbêkêle tanah Jawa | singa ingkang dadi ratu duwèni | ki gundhil arane iku | Sunan Kali wotsêmbah | wus mangkana lamine datan winuwus | Susunan Ngudung pinatah | nutugkên karyane dhingin || |
| 026.16 | ingkang wêling Sunan Bonang | ing ayuda mênawa anadhahi | kêlawan Dipati Têrung | rewangên sawêtara | Sunan Ngudung anyambut rasukanipun | mring Jêng Sunan Kalijaga | kyai ăntakusumèki || |
| 026.17 | wus budhal saking Bintara | tan kawarna ing marga sampun prapti | pêbarisan Majalangu | inggar para dipatya | dene senapati Sunan Ngudung rawuh | kocapa lajêng campuh prang | wong Dêmak lan Majapait || |
84–85 dari 810