Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
27–28 dari 258
90–91 dari 810
892–901 dari 8.099
027.26 yèn nampika agamaning nabi | mati urip ewoh | Ki Bintara lah paran karsane | maring arinira si dipati | ing Têrung puniki | ki agêng wotsantun ||
027.27 inggih maksih têtêpa dipati | ing Têrung pilunggoh | angradina bang wetan gamane | natrapêna agamaning nabi | poma dèn nastiti | sri nata anuwun ||
28. Sinom
028.01 wus samya apamondhokan | sagunge para dipati | putranira Pêcattăndha | ing Têrung ayu linuwih | pinanggihakên mangkin | kêlawan Pangeran Kudus | wus panggih anèng Dêmak | Pangeran Kudus ingêlih | Sunan Kudus ing mangke pêparabira ||
028.02 mangkana ing dina Soma | pakumpulan para wali | Sang Adipati Bintara | sêdaya sami ngèstrèni | ingangkat jênêngnèki | nama Senapati Jimbun | Panêmbahan Bintara | ratu murwani agami | ya ta kunêng gênti ingkang kawarnaa ||
028.03 ing Dêmak sangsaya arja | misuwur satanah Jawi | jumênênge Sultan Dêmak | panggulu Jêng Sunan Giri | kathah kang guru ngèlmi | mring para wali sêdarum [1: 145] | nanging awarna-warna | kang sami dipun guroni | ana ingkang gêguru Sèh Sitijênar ||
028.04 putranira Ki Dipatya | Andayaningrat ing Pêngging | lan ingkang putra jêng sultan | Pangeran Panggung kang nami | sami gêguru ngèlmi | mring Sitijênar puniku | ya ta sangsaya kathah | kang sami angalap ngèlmi | puruhita dhatêng Ki Sèh Sitijênar ||
028.05 kathah kang tilar jumungah | mangkana Jêng Sunan Giri | kêlangkung rudityanira | pakumpulan para wali | pêpak anèng ing mêsjid | jêng sunan ngandika arum | paran ing karsanira | sagunge kang para wali | aprakara Kiyai Sèh Sitijênar ||
028.06 dene samêngkone iya | amulangkên ngèlmu gaib | ninggal sunatul jumungah | lamun kinèndêlna pêsthi | têmah nyuwungkên masjid | wong Jawa padha kêlayu | iya ing ngèlmu gampang | umatur kang para wali | yèn aparêng prayogine tinimbalan ||
028.07 ingantêpa sêdyanira | yèn kenging kinèn mantuni | kêlamun botên puruna | kinisas ukumirèki | sawab duk kangjêng nabi | gih wontên lêpiyanipun | anami Sèh Mubarak | kocap ing Kitab Nawawi | pan kinisas ing ngarsane Rasullullah ||
028.08 awit anêrajang sarak | anglairkên ngèlmi gaib | kêkêran Jêng Rasullullah | nginakkên sarak jêng nabi | mangke wontên miyosi | inggih ingkang purun-purun | Jêng Sunan Giri nabda | kêtib lumakua kalih | aturana Kiyai Sèh Sitijênar [1: 146] ||
90–91 dari 810