Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
27 dari 258
87–88 dari 810
868–877 dari 8.099
| 027.02 | pan gumuruh wadya lit ngusungi | gung sêlur ponang wong | pra dipati abubuhan kabèh | Pêcattăndha ing Têrung winarni | pan umadêg baris | dèrèng purun nungkul || |
| 027.03 | kang mawi jrih solahirèng nguni | kang sampun kêlakon | Sunan Ngudung kala kêsambute | Pêcattăndha ingkang amêjahi | dadya abêbiting | Ki Dipati Têrung || |
| 027.04 | Pangran Kudus anuduh dipati | pêpitu kang kinon | anggitika ing Têrung yudane | pan kalindhih sagunging dipati | samya atur uning | mring Pangeran Kudus || |
| 027.05 | ingkang maksih anèng Majapait | lumampah kang kinon | pra dipati atur sor yudane | Kangjêng Pangran Kudus anindaki | tan mawi wadya lit | amung wong pêpitu || |
| 027.06 | praptèng pakuwon kang pra dipati | gumrah kang pawartos | wadya Têrung saningga yudane | myarsa lamun senapati prapti | angongak ing biting | katingal kang mungsuh || |
| 027.07 | yutan wêndran ingkang sami prapti | pangrasane kang wong | wadya Têrung samya ngênês tyase | pra dipati manahira miris | rêmbag pra dipati [1: 142: di...pati] | angaturi nungkul || |
| 027.08 | adipati ing Têrung nuruti | anduta kang uwong | apan sarwi mundhi nuwalane | sampun katur Pangran Kudus nênggih | atur pati urip | Ki Dipati Têrung || |
| 027.09 | Pangran Kudus asuka ing galih | angandika alon | dhingin paman bok iya mangkene | nora kongsi wong cilik kèh mati | si paman dipati | sumêlang maring sun || |
| 027.10 | dumèh kangjêng rama seda dhingin | nèng têngah palugon | pan si paman marwasèng yudane | iya apa wong urip puniki | tan wêruh ing pêsthi | takdiring Hyang Agung || |
| 027.11 | duta Têrung lêga ingkang ati | tyasira cumêplong | dene Pangran Kudus timbalane | wus tinulak caraka wotsari | sampun dèn paringi | kang surat wêwangsul || |
87–88 dari 810