Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
28 dari 258
90–91 dari 810
895–904 dari 8.099
| 028.02 | mangkana ing dina Soma | pakumpulan para wali | Sang Adipati Bintara | sêdaya sami ngèstrèni | ingangkat jênêngnèki | nama Senapati Jimbun | Panêmbahan Bintara | ratu murwani agami | ya ta kunêng gênti ingkang kawarnaa || |
| 028.03 | ing Dêmak sangsaya arja | misuwur satanah Jawi | jumênênge Sultan Dêmak | panggulu Jêng Sunan Giri | kathah kang guru ngèlmi | mring para wali sêdarum [1: 145] | nanging awarna-warna | kang sami dipun guroni | ana ingkang gêguru Sèh Sitijênar || |
| 028.04 | putranira Ki Dipatya | Andayaningrat ing Pêngging | lan ingkang putra jêng sultan | Pangeran Panggung kang nami | sami gêguru ngèlmi | mring Sitijênar puniku | ya ta sangsaya kathah | kang sami angalap ngèlmi | puruhita dhatêng Ki Sèh Sitijênar || |
| 028.05 | kathah kang tilar jumungah | mangkana Jêng Sunan Giri | kêlangkung rudityanira | pakumpulan para wali | pêpak anèng ing mêsjid | jêng sunan ngandika arum | paran ing karsanira | sagunge kang para wali | aprakara Kiyai Sèh Sitijênar || |
| 028.06 | dene samêngkone iya | amulangkên ngèlmu gaib | ninggal sunatul jumungah | lamun kinèndêlna pêsthi | têmah nyuwungkên masjid | wong Jawa padha kêlayu | iya ing ngèlmu gampang | umatur kang para wali | yèn aparêng prayogine tinimbalan || |
| 028.07 | ingantêpa sêdyanira | yèn kenging kinèn mantuni | kêlamun botên puruna | kinisas ukumirèki | sawab duk kangjêng nabi | gih wontên lêpiyanipun | anami Sèh Mubarak | kocap ing Kitab Nawawi | pan kinisas ing ngarsane Rasullullah || |
| 028.08 | awit anêrajang sarak | anglairkên ngèlmi gaib | kêkêran Jêng Rasullullah | nginakkên sarak jêng nabi | mangke wontên miyosi | inggih ingkang purun-purun | Jêng Sunan Giri nabda | kêtib lumakua kalih | aturana Kiyai Sèh Sitijênar [1: 146] || |
| 028.09 | marang ing Giri barênga | kêlawan lakumu sami | kang kinèn sigra umentar | datan kawarna ing margi | prapta dalêmirèki | Ki Sèh Sitijênar pangguh | kêtib kalih manêmbah | kyai kawula tinuding | angaturi inggih dhumatêng sampeyan || |
| 028.10 | dhatêng ing Giri sarênga | kêlawan ing lampah mami | Sèh Sitijênar manabda | wruhanira sira kalih | Sèh Sitijênar sêpi | saiki Allah kang mujud | wisira umatura | nêmbah lèngsèr duta kalih | tan kawarna ing Giri pan sampun prapta || |
| 028.11 | lajêng tumamèng ngayunan | manêmbah duta kêkalih | dhuh gusti ulun dinuta | nimbali Sèh Sitikuning | jawabipun puniki | Ki Sèh Sitijênar suwung | mung Allah ingkang ana | Sunan Giri duk miyarsi | ya ta mèsêm wusana alon ngandika || |
90–91 dari 810