Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
30–31 dari 258
97–98 dari 810
967–976 dari 8.099
| 030.18 | ana kêluwung gêng prapta | têtiga anyêrot kali | garimis pêtêng sakala | ngandika Ki Agêng Tingkir | yayi putramu iki | ingsun paringi jêjuluk | Mas Karèbèt kang nama | ya dene sira marêngi | sira nanggap wayang bèbèr lairira || |
| 030.19 | Ki Agêng Pêngging turira | anuwun kakang prayogi | angsala sawab sampeyan | mugi kalisa sêsakit | kawula inggih darmi | sampeyan ingkang sêsunu | muga pinanjangêna | yuswane kang jabang bayi | mugi-mugi angsala brêkat sampeyan || |
| 030.20 | cinarita tigang dina | Ki Agêng Tingkir nèng Pêngging | ya ta ingkang kawarnaa | dutane sri narapati | ing Dêmak sampun prapti | ponang caraka tumanduk | ing ngabyantara nata | wus katur marang sang aji | pamopone Ki Agêng Pêngging ngandikan || |
| 030.21 | kangjêng sultan ing Bintara | sigra [1: 157: si...gra] dènnya animbali | mring Ki Gêdhe Wanapala | kang rama rêkyana patih | tan adangu wus prapti | ing ngarsanira sang prabu | Ki Gêdhe Wanapala | kang putra kinarya patih | angandika kangjêng sultan ing Bintara || |
| 030.22 | lah ta kakang ana karya | patut sira kang nindaki | anggawaa sual ingwang | iya dadi wakil mami | marang Ki Jêbèng Pêngging | rong prakara sual ingsun | hèh kakang wruhanira | ana kêrasa ing ati | bokmênawa ing têmbe dadi wisuna || |
| 030.23 | benjang sapungkur manira | êndi kang dipun karêpi | ingkang ana luwih ana | suwung luwih suwungnèki | êndi kang dèn karêpi | saking salah sijinipun | dene ta karsaningwang | kakang sira wus mangêrti | sigra lèngsèr ki gêdhe ing Wanapala || |
| 030.24 | sabab[1] sêkawan binêkta | Ki Gêdhe Wanapalèki | datan kawarna ing marga | lampahe wus praptèng Pêngging | wus panggih anèng panti | Ki Agêng Pêngging lon muwus | ki agêng pêkênira | inggih wong agung ing pundi | lawan sintên ingkang sinambat ing trisna || |
| 030.25 | ki gêdhe ing Wanapala | aris dènira nauri | manira têtiyang Dêmak | dutane sri narapati | dinuta mring sirèki | maringakên sualipun | jêng sultan ing Bintara | dene sira mati ragi | iya luwih saking ing para pandhita || |
| 030.26 | apa ingkang sira sêja | timbalane sri bupati | jawabên ingkang pratela | sual kang kalih prakawis | aja sêlayèng kapti | siya-siya têmahipun | marang ing badanira | aja nganggo ngrangkêp [1: 158: ngrangkê...p] kardi | dadi sira akarya kasmarèng gêsang || |
| 31. Asmaradana | |
| 031.01 | lah ta sira pilih êndi | ana luwih saking ana | kang suwung luwih suwunge | kêlawan turu sapisan | mêlèk sêlawasira | lawan turu sabên dalu | karipane sabên dina || |
97–98 dari 810
| 1 | sabat. (kembali) |