Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
30 dari 258
97–98 dari 810
962–971 dari 8.099
| 030.13 | Ki Agêng Pêngking[1] aturnya | lah ta kakang kadipundi | ing ngriki wontên punapa | bilai lara lan pati | sintên ingkang darbèni | kagunganira Hyang Agung | dèrènge wontên badan | pêpêsthèn dinamêl dhingin | awon sae ing lokhil makphul wus dadya || |
| 030.14 | kawula dèrèng tumitah | papêsthène sampun dadi | pati uripe kawula | bêgja lara lawan pati | sintên wagêd ngowahi | lan panjang cêndhaking umur | yèn wus karsaning Suksma | pinarêng praptaning pêsthi | tan liya mung lamahuju daillallah || |
| 030.15 | Ki Agêng Tingkir lingira | iya yayi apa maning | yèn wus mantêp tekadira | pun kakang têka ngamini | sadina mituturi | sêmana pan sampun surup | kalihnya [1: 156: ka...lihnya] sami salat | sawusira salat Magrib | ingkang raka sêdalu sinobya-sobya || |
| 030.16 | ing dalu arêringgitan | sira ki agêng ing Pêngging | anyugata ingkang raka | ringgit bèbèr ingkang nami | sêmana amarêngi | garwanira wawrat sêpuh | lair ingkang wawratan | ing sasi Jumadilakir | tanggal kaping wolu anuju taun Dal || |
| 030.17 | marêngi măngsa kalima | dinanira Rêbo Lêgi | wayahe bangun raina | miyos jalu warna pêkik | ya ta Ki Agêng Tingkir | sakêlangkung bungahipun | pratuwin ingkang rama | kêlangkung suka kang galih | ingkang nonton sêdaya pan kagegeran || |
| 030.18 | ana kêluwung gêng prapta | têtiga anyêrot kali | garimis pêtêng sakala | ngandika Ki Agêng Tingkir | yayi putramu iki | ingsun paringi jêjuluk | Mas Karèbèt kang nama | ya dene sira marêngi | sira nanggap wayang bèbèr lairira || |
| 030.19 | Ki Agêng Pêngging turira | anuwun kakang prayogi | angsala sawab sampeyan | mugi kalisa sêsakit | kawula inggih darmi | sampeyan ingkang sêsunu | muga pinanjangêna | yuswane kang jabang bayi | mugi-mugi angsala brêkat sampeyan || |
| 030.20 | cinarita tigang dina | Ki Agêng Tingkir nèng Pêngging | ya ta ingkang kawarnaa | dutane sri narapati | ing Dêmak sampun prapti | ponang caraka tumanduk | ing ngabyantara nata | wus katur marang sang aji | pamopone Ki Agêng Pêngging ngandikan || |
| 030.21 | kangjêng sultan ing Bintara | sigra [1: 157: si...gra] dènnya animbali | mring Ki Gêdhe Wanapala | kang rama rêkyana patih | tan adangu wus prapti | ing ngarsanira sang prabu | Ki Gêdhe Wanapala | kang putra kinarya patih | angandika kangjêng sultan ing Bintara || |
| 030.22 | lah ta kakang ana karya | patut sira kang nindaki | anggawaa sual ingwang | iya dadi wakil mami | marang Ki Jêbèng Pêngging | rong prakara sual ingsun | hèh kakang wruhanira | ana kêrasa ing ati | bokmênawa ing têmbe dadi wisuna || |
97–98 dari 810
| 1 | Pêngging. (kembali) |