Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30 dari 258
96–97 dari 810
952–961 dari 8.099
030.03 datan kawarna ing marga | lampahe caraka prapti | wus panggih dutaning nata | kêlawan Ki Agêng Pêngging | caraka matur aris | kula ingutus sang prabu | andika tinimbalan | dhatêng ing Dêmak nêgari | asarênga kêlawan lampah kawula ||
030.04 Ki Agêng Pêngging ngandika | wong punapa awak mami | tinimbalan ing narendra | endah punapa wong santri | ngandika mring nêrpati | botên wêruh basanipun | hèh [1: 154] caraka mantuka | dhatêng ing Dêmak nêgari | lah matura kawula anuwun duka ||
030.05 caraka mantuk sêksana | merang datan antuk kardi | ya ta ingkang kawarnaa | nênggih ki agêng ing Tingkir | sampun miyarsa warti | yèn kang rayi Pêngging iku | tinimbalan mring Dêmak | Ki Agêng Tingkir mring Pêngging | sampun prapta panggih lan Kêbo Kênanga ||
030.06 wus sami tata alênggah | ngandika Ki Agêng Tingkir | yayi sira tinimbalan | mring Jêng Sultan Bintarèki | apa wadine yayi | dene sira tan lumaku | kang rayi aturira | punapa damêle ugi | wong dhêdhukuh tinimbalan ing narendra ||
030.07 ki agêng ing ardi Purwa | pangandikanira aris | lah yayi aja mangkana | sira kêbawah nêrpati | apa ta sira yayi | tan ngrasa kêbawah ratu | lêmah kang sira ambah | saisine tanah Jawi | kabèh iku yayi kagungane nata ||
030.08 Ki Agêng Pêngging turira | Allah ingkang darbe bumi | kadar ta sêdya punapa | wong dhêdhukuh dèn timbali | angling Ki Agêng Tingkir | aja wangkot ariningsun | ja kotampani lămba | aja anggêgampang pikir | kang pakewuh yayi sira jaganana ||
030.09 bêcik sira lumakua | ingsun yayi atut wuri | măngsa tegaa mring sira | pakewuh ingsun calangi | kalênthing wadhah mangsin | sira maksih mambu-mambu | mênawi sri narendra | èngêt marang sira yayi | maksih pira dohira lawan sang nata ||
030.10 samêngkone sri narendra | eling wangsane nèng dèsi | Ki Agêng Pêngging aturnya [1: 155: atur...nya] | dhumatêng Ki Agêng Tingkir | mênggah kawula ngriki | kadi botên sapuniku | mokal wong madêg nata | èngêt sanak kawlasasih | lali sanak kalingan ing kawibawan ||
030.11 kang raka mangsuli sabda | lah aja mangkono yayi | abote uwong agêsang | yèn mopo printahing aji | dadi apa wong urip | yèn ora manut ing ratu | dadine kêkandhangan | tinampanan ngêregoni | iku yayi ingkang kaya karêpira ||
030.12 aja tanggung ing pratingkah | wasisan ngadêgna baris | dadi nora kêngtanggungan[1] | aja sira mungal-mungil | yèn ana wong kang jail | têmah kêtail riningsun | uwong jawal katriwal | ngakali melik sathithik | dèn rumăngsa yayi sira wong ngawula ||
96–97 dari 810

 


1 kêtanggungan. (kembali)