Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31–32 dari 258
101–102 dari 810
1.002–1.011 dari 8.099
031.27 Ki Agêng Pêngging wus mulih | lampahe wus praptèng wisma | kawarnaa ing lampahe | Kangjêng Sunan Kudus prapta | salèr kali Cêmara | hyang rawi pan sampun surup | kèndêl satêngahing wana ||
031.28 têrataban pinggir kali | kanan kering padhusunan | Susunan Kudus karsane | tan arsa sipêng ing desa | pinggir kali kewala | milane sare nèng pundhung | wong desa aja na wikan ||
031.29 dalu arsa angyêktèni [1: 162: angyêktè...ni] | karyane bêndhe punika | lan arsa myarsa unine | yèn bêngkêk bêndhe kang swara | tiwas ing lampahira | mangkana kalaning dalu | bêndhe tinabuh sêksana ||
031.30 angumbang lir macan muni | pan kadi macan angombang | lir macan satus swarane | kagèt sagunging wong desa | sakiwa têngênira | macan angombang sêdalu | enjing sami pinariksa ||
031.31 tan ana macan kaèksi | mung wong wolu ingkang ana | wong desa sami têtakèn | pundi swarane kang macan | sêdalu gènnya ngombang | ngandika Jêng Sunan Kudus | kene nora ana macan ||
031.32 sagunge wong ingkang prapti | wong sakiwa têngênira | andruwis dènira takon | mokal yèn botên wontêna | sêdaya samya myarsa | gumujêng Jêng Sunan Kudus | yèn mangkono desanira ||
031.33 aranana Sima iki | dene nora ana macan | sira miyarsa swarane | samya ngèstokkên sêdaya | desa araning Sima | wus lajêng Susunan Kudus | kang arsa anatas nyawa ||
32. Mêgatruh
032.01 ngidul lêrês lampahira Sunan Kudus | sabat pitu datan kari | nginggil asar wancinipun | angliwati lèpèn alit | sabat siji matur alon ||
032.02 luhung kèndêl sakêdhap kularsa nginum | Sunan Kudus angling aris | lah sabarêna karuwun | kali buthêg toyanèki | mênawi ing kidul kono ||
032.03 ana banyu angumbea dèn atuwuk | mila katêlah sêmangkin [1: 163] | kali Buthêk namanipun | lampahira sampun prapti | ya ta wontên kali katon ||
101–102 dari 810