Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
33 dari 258
107–108 dari 810
1.070–1.079 dari 8.099
033.26 Mas Karèbèt pan sampun kêpanggih | tinangisan dhumatêng kang uwa | sanak-sanak ingsun kabèh | kalane ingsun dulu | kathah-kathah kêrasèng galih | ngong jaluk lilanira | kabèh sanak ingsun | aprakara anak ingwang | ingsun êmong sun gawa marang ing Tingkir | kabèh matur sumăngga ||
033.27 wus binêkta ki jaka mring Tingkir | sapraptane pan dinama-dama | dipun ugung sakarsane | nyai agêng puniku | pan kèringan ing kanan kèri | saking tilasing raka | pan sinugun-sugun | pinundhi-pundhi macêpat | Mas Karèbèt katêlah Ki Jaka Tingkir | ana ing ardi Purwa ||
033.28 karêm saba alas-alas sêpi | jurang pèrèng wana pagunungan | kêrêp nginêp ing pêpèrèng | tur asring nginêp gubug | anênggani têgal kang sêpi | dènnya mrih kabudayan | punjul ing tumuwuh | graitèng kaprajuritan | mrih digdaya prawiraa ing ajurit | anèh lan rare kathah ||
033.29 ingkang uwa kêlangkung prihatin | lami-lami Ki Jaka diwasa | agung saba wana bae | asipêng tigang dalu | malah kongsi satêngah sasi | langkung susah kang uwa | duk sêmana rawuh | ingkang putra tinangisan | nglingnya kulup [1: 173: ku...lup] apa sêdyanira kaki | agung nginêp ing têba ||
033.30 aja sira nginêp wana maning | têmah gawe rasaning tyas ingwang | tan ana sun dulu anggèr | balikan sira kulup | apa ingkang sira karsani | lah sira jêjaluka | ing sapatutipun | wong dama mêskin manira | amêpêki tilare wakira swargi | tan kurang bêrkatira ||
033.31 lamun sira rêmên atêtêgil | nora rêmên sira saba wisma | angur ta mèlua anggèr | anèng pêgagan matun | marang baturira mas gusti | wong roro juru gaga | iya anak ingsun | ana kang sun arsa-arsa | ya ta wau Ki Jaka amundhut wangkil | nusul marang pêgagan ||
033.32 pêgagane sawetane kali | nusul marang bature ibunya | kalih juru pêgagane | sadina nora mantuk | santri kalih mulih abukti | ing wayah wusing Asar | awor riris mêndhung | Jêng Sinuwun Kalijaga | saking kidul lampahira têkên êcis | pan saking Pêmancingan ||
033.33 nguwuh saking jawi pagêr gagi | kulup-kulup lah sira lèrèna | sira marènana anggèr | sirèku bakal ratu | ingkang mêngku ing tanah Jawi | anguran suwitaa | marang Dêmak kulup | ing kono dadi jalaran | ya ta lajêng wau Jêng Susunan Kali | ngalèr ngetan lampahnya ||
033.34 pan Ki Jaka waspada ningali | saking têbih dupi katingalan | Ki Jaka mulih ge-age | matur mring ibunipun | ibu wontên tyang langkung gagi | sarwi nguwuh kawula | hèh muliha kulup | aja [1: 174] karêm nèng pêgagan | suwitaa marang ing Dêmak nêgari | sirèku bakal nata ||
033.35 ingkang ibu nauri aniti | lah ta kulup dêdêge kaya pa | kang nguwuh marang ing kowe | kang putra alon matur | rogok-rogok kêpara inggil | cêmêng rasukanira | dhêstaripun wulung | kang ibu aris ngandika | iya iku kulup Jêng Susunan Kali | age turutên nyawa ||
107–108 dari 810