Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
33 dari 258
108–109 dari 810
1.074–1.083 dari 8.099
| 033.30 | aja sira nginêp wana maning | têmah gawe rasaning tyas ingwang | tan ana sun dulu anggèr | balikan sira kulup | apa ingkang sira karsani | lah sira jêjaluka | ing sapatutipun | wong dama mêskin manira | amêpêki tilare wakira swargi | tan kurang bêrkatira || |
| 033.31 | lamun sira rêmên atêtêgil | nora rêmên sira saba wisma | angur ta mèlua anggèr | anèng pêgagan matun | marang baturira mas gusti | wong roro juru gaga | iya anak ingsun | ana kang sun arsa-arsa | ya ta wau Ki Jaka amundhut wangkil | nusul marang pêgagan || |
| 033.32 | pêgagane sawetane kali | nusul marang bature ibunya | kalih juru pêgagane | sadina nora mantuk | santri kalih mulih abukti | ing wayah wusing Asar | awor riris mêndhung | Jêng Sinuwun Kalijaga | saking kidul lampahira têkên êcis | pan saking Pêmancingan || |
| 033.33 | nguwuh saking jawi pagêr gagi | kulup-kulup lah sira lèrèna | sira marènana anggèr | sirèku bakal ratu | ingkang mêngku ing tanah Jawi | anguran suwitaa | marang Dêmak kulup | ing kono dadi jalaran | ya ta lajêng wau Jêng Susunan Kali | ngalèr ngetan lampahnya || |
| 033.34 | pan Ki Jaka waspada ningali | saking têbih dupi katingalan | Ki Jaka mulih ge-age | matur mring ibunipun | ibu wontên tyang langkung gagi | sarwi nguwuh kawula | hèh muliha kulup | aja [1: 174] karêm nèng pêgagan | suwitaa marang ing Dêmak nêgari | sirèku bakal nata || |
| 033.35 | ingkang ibu nauri aniti | lah ta kulup dêdêge kaya pa | kang nguwuh marang ing kowe | kang putra alon matur | rogok-rogok kêpara inggil | cêmêng rasukanira | dhêstaripun wulung | kang ibu aris ngandika | iya iku kulup Jêng Susunan Kali | age turutên nyawa || |
| 033.36 | sira olèh sabdanipun wali | age kulup sira lakonana | suwitaa Dêmak anggèr | nanging ta wêkas ingsun | ing Sêsela jujugên dhingin | lan sira anuwuna | pituduh satuhu | wis kulup sira mangkata | wêkas ingsun aja sira salah kapti | kinèn ngatêrkên sigra || |
| 033.37 | mring santrine Nyai Tingkir kalih | iku ingkang kinèn tuduh marga | Ki Jaka Tingkir nulya ge | mring ibu nêmbah matur | sarwi ngaras suku wotsari | yèn prapta ing nêgara | kulup wêkas ingsun | anjujuga pamanira | iku uga kulup pamanira yêkti | aran Gadamustaka || |
| 033.38 | iku lurah wong angganjur dhingin | iya patut dadi gagêntinya | wakira ingkang sumare | kinèn ngatêrna sampun | nulya mentar Ki Jaka Tingkir | santri kalih tut wuntat | lampahe lêstantun | datan kawarna ing marga | sampun prapta ing Sela umarêk aglis | marang Ki Agêng Sela || |
| 033.39 | mêndhêk-mêndhêk lir sata mèmèti | kagyat mulat Kyai Agêng Sela | Ki Jaka lênggah ngarsane | tanya sapa sirèku | têmbe mulat jênêng sun iki | Ki [1: 175] Jaka awotsêmbah | manêmbah umatur | pangraosing manah amba | sadèrènge umatur sampun udani | dhatêng lampah kawula || |
108–109 dari 810