Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
33 dari 258
108–109 dari 810
1.077–1.086 dari 8.099
| 033.33 | nguwuh saking jawi pagêr gagi | kulup-kulup lah sira lèrèna | sira marènana anggèr | sirèku bakal ratu | ingkang mêngku ing tanah Jawi | anguran suwitaa | marang Dêmak kulup | ing kono dadi jalaran | ya ta lajêng wau Jêng Susunan Kali | ngalèr ngetan lampahnya || |
| 033.34 | pan Ki Jaka waspada ningali | saking têbih dupi katingalan | Ki Jaka mulih ge-age | matur mring ibunipun | ibu wontên tyang langkung gagi | sarwi nguwuh kawula | hèh muliha kulup | aja [1: 174] karêm nèng pêgagan | suwitaa marang ing Dêmak nêgari | sirèku bakal nata || |
| 033.35 | ingkang ibu nauri aniti | lah ta kulup dêdêge kaya pa | kang nguwuh marang ing kowe | kang putra alon matur | rogok-rogok kêpara inggil | cêmêng rasukanira | dhêstaripun wulung | kang ibu aris ngandika | iya iku kulup Jêng Susunan Kali | age turutên nyawa || |
| 033.36 | sira olèh sabdanipun wali | age kulup sira lakonana | suwitaa Dêmak anggèr | nanging ta wêkas ingsun | ing Sêsela jujugên dhingin | lan sira anuwuna | pituduh satuhu | wis kulup sira mangkata | wêkas ingsun aja sira salah kapti | kinèn ngatêrkên sigra || |
| 033.37 | mring santrine Nyai Tingkir kalih | iku ingkang kinèn tuduh marga | Ki Jaka Tingkir nulya ge | mring ibu nêmbah matur | sarwi ngaras suku wotsari | yèn prapta ing nêgara | kulup wêkas ingsun | anjujuga pamanira | iku uga kulup pamanira yêkti | aran Gadamustaka || |
| 033.38 | iku lurah wong angganjur dhingin | iya patut dadi gagêntinya | wakira ingkang sumare | kinèn ngatêrna sampun | nulya mentar Ki Jaka Tingkir | santri kalih tut wuntat | lampahe lêstantun | datan kawarna ing marga | sampun prapta ing Sela umarêk aglis | marang Ki Agêng Sela || |
| 033.39 | mêndhêk-mêndhêk lir sata mèmèti | kagyat mulat Kyai Agêng Sela | Ki Jaka lênggah ngarsane | tanya sapa sirèku | têmbe mulat jênêng sun iki | Ki [1: 175] Jaka awotsêmbah | manêmbah umatur | pangraosing manah amba | sadèrènge umatur sampun udani | dhatêng lampah kawula || |
| 033.40 | Kyai Agêng ing Sêsela angling | angandika arum ing wêcana | iya ngong wus wruh karêpe | pan tanpa gawe ingsun | yèn tan wikan karsanta yêkti | antara pitung dina | Ki Jaka nèng ngriku | ki agêng kêlangkung rêna | wus winulang Ki Jaka raosing ngèlmi | Ki Jaka gya manêmbah || |
| 033.41 | matur sêdyanira saking Tingkir | purwa madya wêsana wus tamat | ki agêng lon ngandikane | lamun sira kadyèku | ingsun iya têka ngamini | apa sakarsanira | manira jumurung | nanging ta wêkas manira | dipun emut larangan kalih prakawis | sumêngah kibir riya || |
| 033.42 | tindakêna yèn uwis lumaris | yèn wis tata iku sira juma | trangna yèn wis padhang mangke | tugêlên yèn wis putung | awasêna yèn wus ningali | sambungên yèn diwasa | poma wêkas ingsun | yèn wis cêndhak kêthokana | dèn prayitna aja sira lali-lali | aja maro paningal || |
108–109 dari 810