Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 258
114–115 dari 810
1.133–1.142 dari 8.099
| 034.37 | lan maesa dhanu wantun | angêmbari padha siji | linawan tanpa gêgaman | karo tangan angêmbari | tinabok miwah dhinupak | maesa dhanu ngêmasi || |
| 034.38 | padhusunan urut gunung | wong kang sami luwih-luwih | sami malêbu tamtama | sêdaya dipun jajali | ana klêbu ana ora | ya ta wontên kang winarni || |
| 034.39 | ana wong luwih pinunjul | wong Kêdhu wismane Pingit | Dhadhungawuk namanira | têguhe kêpati-pati | malèsèd katiban braja | pan kadi bêlabag wêsi || |
| 034.40 | lir sinosog godhong têbu | tan ana wêsi nêdhasi | sagung braja tan tumama | Ki Dhadhungawuk miyarsi | kêlamun sri naranata | amilihi wong linuwih || |
| 034.41 | Ki Dhadhungawuk malêbu | wus prapta Dêmak nêgari | anjujug ing pasewakan | sangandhape ing sitinggil | gène prawira tamtama | Ki Dhadhungawuk wus linggih || |
| 034.42 | rahadèn lurah winuwus | nuju ngandikan mring puri | Dhadhungawuk tinakonan | umatur kula ing Pingit | arsa malêbu tamtama | duk kawula wontên Pingit || |
| 034.43 | tanpa tandhing sampun wudhu | kalis sêkathahing wêsi | kula puniki miyarsa | lamun gusti sri bupati | karya prawira tamtama | milih jalma kang linuwih [1: 183: linu...wih] || |
| 034.44 | kang têguh prawira timbul | pramila kawula prapti | kula turna mring sang nata | tamtama samya nauri | inggih mangke radèn lurah | sawêg ngandikan mring puri || |
| 034.45 | tan adangu praptanipun | saking pura Jaka Tingkir | obah prawira tamtama | rahadèn lurah wus linggih | umatur para tamtama | anggèr punika tyang Pingit || |
| 034.46 | kêdah katur sang aprabu | inggih têtiyang puniki | manjing prawira tamtama | mèsêm Radèn Jaka Tingkir | abot paman wong tamtama | jinajal karsaning gusti || |
114–115 dari 810