Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 258
113–114 dari 810
1.128–1.137 dari 8.099
| 034.32 | Malang Sumirang kang suluk | sumirang amurang niti | mêdhot kêkuncung rinipta | panganggite jroning gêni | ingkang suluk sampun dadya | sirêp sirna ponang agni || |
| 034.33 | kang suluk sinungkên sampun | mring Jêng Sultan Dêmak nênggih | jêng pangeran uluk salam | mring sultan lan para wali | lajêng musna anglêlana | lumampah nurut pasisir || |
| 034.34 | kirik kalih datan kantun | pun iman kêlawan tokhid | lajêng bubaran sêdaya | mangkana ngalami-lami | wau Kangjêng Sultan Dêmak | amundhut uwong sinêkti || |
| 034.35 | kocapa ing alun-alun | ing Dêmak panuju enjing | lêbon prawira tamtama | sutane mantri bupati [1: 182] | Kyana Patih Wanasalam | nyaosakên sabên enjing || |
| 034.36 | jinajal sami ingadu | lan banthèng sami sawiji | lamun banthèng nora pêjah | karo tangan angêmbari | nora kalêbu wong ika | wadya wiratamtamèki || |
| 034.37 | lan maesa dhanu wantun | angêmbari padha siji | linawan tanpa gêgaman | karo tangan angêmbari | tinabok miwah dhinupak | maesa dhanu ngêmasi || |
| 034.38 | padhusunan urut gunung | wong kang sami luwih-luwih | sami malêbu tamtama | sêdaya dipun jajali | ana klêbu ana ora | ya ta wontên kang winarni || |
| 034.39 | ana wong luwih pinunjul | wong Kêdhu wismane Pingit | Dhadhungawuk namanira | têguhe kêpati-pati | malèsèd katiban braja | pan kadi bêlabag wêsi || |
| 034.40 | lir sinosog godhong têbu | tan ana wêsi nêdhasi | sagung braja tan tumama | Ki Dhadhungawuk miyarsi | kêlamun sri naranata | amilihi wong linuwih || |
| 034.41 | Ki Dhadhungawuk malêbu | wus prapta Dêmak nêgari | anjujug ing pasewakan | sangandhape ing sitinggil | gène prawira tamtama | Ki Dhadhungawuk wus linggih || |
113–114 dari 810