Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 258
115–116 dari 810
1.144–1.153 dari 8.099
034.48 alêsu sariraningsun | yèn botên katiban wêsi | lamun towonga sadina | yèn botên rinampog biring | agatêl badan kawula | yèn botên dipun gêbugi ||
034.49 ing alu kêlawan watu | dene kangjêng sri bupati | amilihi wong prawira | milane kawula ngabdi | manjing prawira tamtama | ngandika Ki Jaka Tingkir ||
034.50 paman sun jajal karuwun | Dhadhungawuk matur inggih | anggèr lêgane kang manah | Radèn Jaka ngandika ris | iya ingsun dhewe paman | ingkang jajal ing sirèki ||
034.51 dèn kêparèng ngarsanipun | Dhadhungawuk marêpêki | Radèn Jaka sigra mucang | anggigit sadak ngênjêti | sêksana sinuduk sadak | pêcah jajane ngêmasi ||
034.52 angêjèpi kancanipun | sêdaya nampani wangsit | sigra [1: 184] kinêrocok sadak | ajur mumur rontang-ranting | Dhadhungawuk jisimira | apan ora dadi takir ||
034.53 tan ana liyane iku | sadak kinarya nyuduki | sagung bupati kang seba | sêdaya kagyat ningali | pangrasane Radèn Jaka | anglunasi kancanèki ||
034.54 ya ta lami-lami katur | marang kangjêng sri bupati | Radèn Jaka Tingkir nglunas | wong Kêdhu wismane Pingit | pêjah kinêrocok sadak | kuwandane rontang-ranting ||
034.55 langkung duka sang aprabu | jaja bang mawinga wêngis | Kyana Patih Wanasalam | tinimbalan marang puri | prapta ngabyantarèng nata | ngandika sri napati |[1]|
034.56 apa sira nora wêruh | tingkahe Si Jaka Tingkir | matèni wong tanpa dosa | kyana patih awotsari | pukulun putra paduka | panggalih neneman gusti ||
034.57 inggih dèrèng darbe maklum | kasusu panasing galih | ningali wong pêksa lancang | sinuduk sadak ngêmasi | sru ngandika kangjêng sultan | inggal tundhungên Si Tingkir ||
115–116 dari 810

 


1 Kurang satu suku kata: ngandika sri narapati. (kembali)