Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 258
114–115 dari 810
1.137–1.146 dari 8.099
034.41 Ki Dhadhungawuk malêbu | wus prapta Dêmak nêgari | anjujug ing pasewakan | sangandhape ing sitinggil | gène prawira tamtama | Ki Dhadhungawuk wus linggih ||
034.42 rahadèn lurah winuwus | nuju ngandikan mring puri | Dhadhungawuk tinakonan | umatur kula ing Pingit | arsa malêbu tamtama | duk kawula wontên Pingit ||
034.43 tanpa tandhing sampun wudhu | kalis sêkathahing wêsi | kula puniki miyarsa | lamun gusti sri bupati | karya prawira tamtama | milih jalma kang linuwih [1: 183: linu...wih] ||
034.44 kang têguh prawira timbul | pramila kawula prapti | kula turna mring sang nata | tamtama samya nauri | inggih mangke radèn lurah | sawêg ngandikan mring puri ||
034.45 tan adangu praptanipun | saking pura Jaka Tingkir | obah prawira tamtama | rahadèn lurah wus linggih | umatur para tamtama | anggèr punika tyang Pingit ||
034.46 kêdah katur sang aprabu | inggih têtiyang puniki | manjing prawira tamtama | mèsêm Radèn Jaka Tingkir | abot paman wong tamtama | jinajal karsaning gusti ||
034.47 pan kănca kula sêdarum | nêracak asusur biring | kabèh tau siring pêdhang | kalis sakathahing wêsi | Dhadhungawuk aturira | anggèr langkung sukèng galih ||
034.48 alêsu sariraningsun | yèn botên katiban wêsi | lamun towonga sadina | yèn botên rinampog biring | agatêl badan kawula | yèn botên dipun gêbugi ||
034.49 ing alu kêlawan watu | dene kangjêng sri bupati | amilihi wong prawira | milane kawula ngabdi | manjing prawira tamtama | ngandika Ki Jaka Tingkir ||
034.50 paman sun jajal karuwun | Dhadhungawuk matur inggih | anggèr lêgane kang manah | Radèn Jaka ngandika ris | iya ingsun dhewe paman | ingkang jajal ing sirèki ||
114–115 dari 810