Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34–35 dari 258
115–116 dari 810
1.148–1.157 dari 8.099
| 034.52 | angêjèpi kancanipun | sêdaya nampani wangsit | sigra [1: 184] kinêrocok sadak | ajur mumur rontang-ranting | Dhadhungawuk jisimira | apan ora dadi takir || |
| 034.53 | tan ana liyane iku | sadak kinarya nyuduki | sagung bupati kang seba | sêdaya kagyat ningali | pangrasane Radèn Jaka | anglunasi kancanèki || |
| 034.54 | ya ta lami-lami katur | marang kangjêng sri bupati | Radèn Jaka Tingkir nglunas | wong Kêdhu wismane Pingit | pêjah kinêrocok sadak | kuwandane rontang-ranting || |
| 034.55 | langkung duka sang aprabu | jaja bang mawinga wêngis | Kyana Patih Wanasalam | tinimbalan marang puri | prapta ngabyantarèng nata | ngandika sri napati |[1]| |
| 034.56 | apa sira nora wêruh | tingkahe Si Jaka Tingkir | matèni wong tanpa dosa | kyana patih awotsari | pukulun putra paduka | panggalih neneman gusti || |
| 034.57 | inggih dèrèng darbe maklum | kasusu panasing galih | ningali wong pêksa lancang | sinuduk sadak ngêmasi | sru ngandika kangjêng sultan | inggal tundhungên Si Tingkir || |
| 034.58 | wêtokna saking prajèngsun | iku nyênyukêri bumi | wêtokna jaba nêgara | aja awèh gawa dasih | dimèk dadi wong alasan | kyana patih nêmbah mijil || |
| 35. Mijil | |
| 035.01 | kyana patih sapraptaning jawi | panggih lan sang anom | dhinawuhkên wau timbalane | dika tampi dhawuhe sang aji | anak dipun aglis | andika tinundhung || |
| 035.02 | sampun ngancik sajroning nêgari | dhawuhe sang katong | Radèn Jaka sandika ature [1: 185: a...ture] | dhuwung sigra ingaturkên aglis | mring kancane sami | pan sarwi rawat luh || |
| 035.03 | tan adangu parêkan mring jawi | sarwi bêkta kanthong | lah punika ki patih niyate | bokmênawa sanakira prapti | paringna puniki | reyal patang puluh || |
115–116 dari 810
| 1 | Kurang satu suku kata: ngandika sri narapati. (kembali) |