Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
35 dari 258
119 dari 810
1.181–1.190 dari 8.099
| 035.27 | ingkang tinut nabi wali mukmin | kang mêngku kêprabon | kang kinarya dening Hyang purwane | awit lara wêkasane mukti | Nabi Dawud dhingin | miwah Nabi Yusup || |
| 035.28 | Nabi Musa lan Nabi Ibrahim | kang mêngku kêprabon | anadene nabinira dhewe | kangjêng rasul niyakaning bumi | pan papa kariyin | wêkasane luhur || |
| 035.29 | amung Nabi Suleman kang awit | karsane Hyang Manon | pan kinarya nglairkên kodrate | amarentah samaning dumadi | tan sinung papa wit | mung sawiji iku || |
| 035.30 | nora kêna èmpêrên samangkin | kamuktèn mangkono | amusakat saking wiwitane | lamun awit dêlundung amukti | pan wahyuning eblis | muktine panglulu || |
| 035.31 | wus wajibe wong anyilih iki | ngulihakên yêktos | lamun nagih datanpa potange | pêsthi lăngka puniku yèn olih | yêkti mundhak isin | nyawa anak ingsun || |
| 035.32 | lamun kaki sira arsa nagih | motangna nak ingong | lamun ora olih pênagihe | ya pêsthine kêna dèn antèni | yèn ora motangi | nagih datan antuk || |
| 035.33 | Radèn Jaka padhang ingkang galih | miyarsa wiraos | sakêlangkung kaduwung polahe | solahira ingkang dhingin-dhingin | èstu lamun sisip | galih wiwit sêpuh || |
| 035.34 | lah balia marang Dêmak maning | aja kongsi adoh [1: 189: a...doh] | lamun ana sultan pandangune | angliwêra ana kanan kering | yèn tan dèn ulati | sultan ora dangu || |
| 035.35 | iya nuli muliha mring Tingkir | lan ing Pêngging kono | pan ing têmbe yèn ana lilihe | sri bupati yèn arsa nimbali | pan wijilannèki | pêsthi kang jinujug || |
| 035.36 | yèn wis lilih poma dipun eling | dèn prayitnèng kewoh | aja mingis rêrasan kang kiye | bok karungu sêntana nêrpati | iku nyalawadi | sira ngandhut rukun || |
119 dari 810