Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
35 dari 258
118–119 dari 810
1.176–1.185 dari 8.099
| 035.22 | pan cinatur anèng Butuh lami | radèn prawira nom | kalih wulan nênggih ing lamine | wus winulang sêkathahing ngèlmi | tingkah kang sayêkti | wêkasing tumuwuh || |
| 035.23 | miwah ngèlmu wong madêg nêrpati | amêngku kêprabon | wutah kabèh Ki Buyut wuruke | kadigdayan kanuragan sêkti | lan Buyut Ngrang sami | têlas wurukipun || |
| 035.24 | dèn prayitna bekaning dumadi | kang murung lêlakon | sira iku bakal ratu gêdhe | amêndhêka yèn ana ngladaki | bapang dèn simpangi | ana catur mungkur || |
| 035.25 | wiwitane guna lawan sêkti | saking andhap asor | wani kalah luhur wêkasane | kaya sira dhingin anyuduki | wong tanpa dosèki | iku dudu laku || |
| 035.26 | pan wus kocap ingkang dhingin-dhingin | laku andhap asor | ingkang padha pinunjul dadine [1: 188: dadi...ne] | para ratu myang mantri bupati | mapan sira kaki | bakal sakaguru || |
| 035.27 | ingkang tinut nabi wali mukmin | kang mêngku kêprabon | kang kinarya dening Hyang purwane | awit lara wêkasane mukti | Nabi Dawud dhingin | miwah Nabi Yusup || |
| 035.28 | Nabi Musa lan Nabi Ibrahim | kang mêngku kêprabon | anadene nabinira dhewe | kangjêng rasul niyakaning bumi | pan papa kariyin | wêkasane luhur || |
| 035.29 | amung Nabi Suleman kang awit | karsane Hyang Manon | pan kinarya nglairkên kodrate | amarentah samaning dumadi | tan sinung papa wit | mung sawiji iku || |
| 035.30 | nora kêna èmpêrên samangkin | kamuktèn mangkono | amusakat saking wiwitane | lamun awit dêlundung amukti | pan wahyuning eblis | muktine panglulu || |
| 035.31 | wus wajibe wong anyilih iki | ngulihakên yêktos | lamun nagih datanpa potange | pêsthi lăngka puniku yèn olih | yêkti mundhak isin | nyawa anak ingsun || |
118–119 dari 810