Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
35–36 dari 258
120 dari 810
1.191–1.200 dari 8.099
| 035.37 | ya têdhanên marang ing Hyang Widi | sihira sang katong | pulung iku angèl pangalihe | nora tiba mring kang dèn sêngiti | pasthi kang dèn sihi | pangalihe pulung || |
| 035.38 | yèn pinêsthi marang ing Hyang Widi | aja marga rusoh | basa rusoh pan mangkene lire | yèn duwea sira ciptèng batin | rusake sang aji | nuli inggal lampus || |
| 035.39 | age pulung ngaliha mring mami | tan kêna mêngkono | iku rusuh panyiptamu anggèr | dèn aririh dèn narimèng pêsthi | satitahing Widi | nyawa dèn rahayu || |
| 035.40 | dèn patitis muji ing Hyang Widi | dèn waspadèng batos | ya pintanên marang kang agawe | bumi langit iku ingkang kardi | jalukên dèn kêni | pamrêsirèng kayun || |
| 035.41 | yèn dèn dohna kang sira jaluki | sayêktine adoh | parêkêna aparêk jatine | aja kandhêg dènira ningali | dadya dèn patitis | gonira jêjaluk || |
| 035.42 | Radèn Jaka nêmbah turnya amit | ki agêng [1: 190: a...gêng] lingnya lon | pujiningsun rina lan wêngine | lan ramanta Ki Buyut Ngrang iki | sira kang duwèni | wis mangkata kulup || |
| 035.43 | sampun lèngsèr Ki Jaka pan aglis | alumampah alon | tan kawarna ing marga lampahe | praptèng Dêmak ngancik têpis wiring | Radèn Jaka Tingkir | kasmaran kêlangkung || |
| 36. Asmaradana | |
| 036.01 | ya ta Radèn Jaka Tingkir | sapraptanira ing Dêmak | amêlingakên kancane | wadya prawira tamtama | kathah prapta colongan | amanggihi sang abagus | prasami lara karuna || |
| 036.02 | atanya Ki Jaka Tingkir | kaya ngapa sri narendra | apa ana pêndangune | iya marang awak ingwang | matur wadya tamtama | inggih dèrèng wontên dangu | ing mangke gusti sang nata || |
| 036.03 | Ki Jaka alit kang galih | dene sampun tigang wulan | nora ana pêndangune | pamit maring kancanira | nutukkên karsanira | kancanira sami matur | gih sampun têbih kewala || |
120 dari 810