Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
35 dari 258
119–120 dari 810
1.184–1.193 dari 8.099
035.30 nora kêna èmpêrên samangkin | kamuktèn mangkono | amusakat saking wiwitane | lamun awit dêlundung amukti | pan wahyuning eblis | muktine panglulu ||
035.31 wus wajibe wong anyilih iki | ngulihakên yêktos | lamun nagih datanpa potange | pêsthi lăngka puniku yèn olih | yêkti mundhak isin | nyawa anak ingsun ||
035.32 lamun kaki sira arsa nagih | motangna nak ingong | lamun ora olih pênagihe | ya pêsthine kêna dèn antèni | yèn ora motangi | nagih datan antuk ||
035.33 Radèn Jaka padhang ingkang galih | miyarsa wiraos | sakêlangkung kaduwung polahe | solahira ingkang dhingin-dhingin | èstu lamun sisip | galih wiwit sêpuh ||
035.34 lah balia marang Dêmak maning | aja kongsi adoh [1: 189: a...doh] | lamun ana sultan pandangune | angliwêra ana kanan kering | yèn tan dèn ulati | sultan ora dangu ||
035.35 iya nuli muliha mring Tingkir | lan ing Pêngging kono | pan ing têmbe yèn ana lilihe | sri bupati yèn arsa nimbali | pan wijilannèki | pêsthi kang jinujug ||
035.36 yèn wis lilih poma dipun eling | dèn prayitnèng kewoh | aja mingis rêrasan kang kiye | bok karungu sêntana nêrpati | iku nyalawadi | sira ngandhut rukun ||
035.37 ya têdhanên marang ing Hyang Widi | sihira sang katong | pulung iku angèl pangalihe | nora tiba mring kang dèn sêngiti | pasthi kang dèn sihi | pangalihe pulung ||
035.38 yèn pinêsthi marang ing Hyang Widi | aja marga rusoh | basa rusoh pan mangkene lire | yèn duwea sira ciptèng batin | rusake sang aji | nuli inggal lampus ||
035.39 age pulung ngaliha mring mami | tan kêna mêngkono | iku rusuh panyiptamu anggèr | dèn aririh dèn narimèng pêsthi | satitahing Widi | nyawa dèn rahayu ||
119–120 dari 810