Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 258
129–130 dari 810
1.286–1.295 dari 8.099
039.11 sangsaya sru maesa pangamukira | ambêkos ngobrak-abrik | myang para dipatya | sayah ingundha-undha | binêrondong dening bêdhil | datan tumama | kadya wong bêdhil wêsi ||
039.12 kang maesa pan wus kaisèn timbulan | mring Buyut Banyuwilis | marmanya kalintang | têguh prakoswanira | sakèh mimis tan nêdhasi | timah myang waja | kabèh dadi gulali ||
039.13 Sultan Dêmak sigra minggah ing panggungan | apan arsa ningali | polahe maesa | kang sangêt karya tiga | waspada sri narapati | ngungun ing driya | tuhu ngebat-ebati ||
039.14 pan kinandhang kinêpung kinalang-kalang | singa tinêmpuh ngisis | sultan langkung duka | ya ta wau tumingal | wong papat samya ningali | kang anèng ngarsa | Rahadèn Jaka Tingkir ||
039.15 sri narendra asru dènira ngandika | Juru ika Si Tingkir | mara dhawuhana | tarinên sutaningwang | angêmbari kêbo iki | apa wania | yèn Si Tingkir nguwisi ||
039.16 ngong ngapura sadosane anak ingwang | sêmana amarêngi | lilih [1: 203: li...lih] kangjêng sultan | Ki Juru Jêbad sigra | rahadèn dipun playoni | Mas Mănca mulat | Radèn Jaka jinawil ||
039.17 lah punika sampeyan pinalajêngan | rahadèn dhodhok aglis | Jêbad sampun prapta | dhawuhakên timbalan | anggèr dhawuhe sang aji | punapa dika | puruna angêmbari ||
039.18 pangamuke maesa ingkang kandhuhan | rahadèn matur aris | yèn wontên timbalan | nadyan inggih wêwaha | sèwu malih anglangkungi | kadi punika | praptèng pêjah tan gingsir ||
039.19 Jêbad Juru lumayu praptèng ngayunan | matur saha wotsari | pan putra paduka | pêjah gêsang sumăngga | gupuh ngandika sang aji | age nataba | kodhokngorèk dèn aglis ||
039.20 undhangana patih kang para dipatya | kang rame anyuraki | sigra dhinawuhan | sagung para dipatya | ngungkung kodhokngorèk muni | kêbo miyarsa | gêdrug janggirat tangi ||
129–130 dari 810