Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
40 dari 46
162 dari 225
1.611–1.620 dari 2.243
40.015 lah iya sakarsanira | măngsa bodhoa sirèki | pan ingsun uwus pracaya | marang ing sira apatih | suka tyase wotsari | wus mêdal saking kadhatun | sapraptanirèng jaba | panggih lan Ki Surapati | dhinawuhan timbalane sri narendra ||
40.016 kalilan kinèn umangkat | adhi sadina ing mangkin | Ki Surapati sandika | kalangkung suka ing galih | pan sampun dèn kèngkèni | Tumênggung Toyamas wau | ngatêr Ki Surapatya | mangkat saking ngarsèng patih | sigra-sigra mangkat saking Kartasura ||
40.017 datan kawarna ing marga | lampahe Ki Surapati [2: 69] | ing kali Jirak wus prapta | pan sampun apacak baris | wong desa akèh prapti | samya ngaturi sêsuguh | tarub wetan Toyamas | mirsa jêjênêng narpati | kawarnaa sira Radèn Surapatya ||
40.018 rahadèn sigra utusan | mring panakawan kêkalih | pan bêkta sêsupenira | aglis lampahnya wus prapti | ing Bun Jaladri iki | sampun atanggap ing sêmu | sira Bun Jaladriya | amangsiti rowangnèki | bêbêktane kang saking nagri Jakarta ||
40.019 sadaya kinèn siyaga | sagêgamaning ajurit | mangkat seba ratunira | sapraptanira ing puri | sira Ki Saradênti | apan lagya ngabên sawung | anèng pasowan jaba | ingayap pawongan cèthi | kagyat mulat praptane Bun Jaladriya ||
40.020 alon dènira ngandika | sira Prabu Saradênti | kene dèn kaparèng ngarsa | apa wartane ing jawi | baya ta ana kardi | dene ta bapa malêbu | sira Bun Jaladriya | pan sampun amarêpêki | angêjèpi nênggih maring rowangira ||
40.021 tinubruk saking ngiringan | sira Prabu Saradênti | anjumbul sampun binănda | myang Saradênta ginodhi | kalih binêkta mijil | Bun Jaladriya wus mêtu | lampahe tan winarna | ing kali Jirak wus prapti | sampun katur marang Radèn Surapatya ||
40.022 yèn ratune wus kabănda | suka Radèn Surapati | sigra pinocok saksana | utamangganira kalih | Toyamas dèn obongi | wau ing kadhatonipun | pan samya binoyongan | dene Radèn Surapati | sampun budhal saking nagari [2: 70] Toyamas ||
40.023 datan kawarna ing marga | prapta ing Kartasurenjing | katur mring sri naradipa | yèn prapta Ki Surapati | ratu kraman wus mati | pan tinigas jangganipun | sang nata langkung trustha | murda wus tinanjir kalih | sira Radèn Surapati wus ginanjar ||
40.024 ing êmas lawan busana | langkung suka Surapati | dene angrasa katrima | karyanira mring narpati | wastra dinumkên sami | ingangge sarowangipun | wastra lawan kancana | langkung sihira narpati | dene kathah ganjaranira sang nata ||
162 dari 225