Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
40 dari 46
164–165 dari 225
1.632–1.641 dari 2.243
40.036 | Pangeran Pugêr wus prapta | lawan punggawa kêkalih | Jangrana lan Cakraningrat | lajêng tumamèng jro puri | Sindurja kang pangirid | wus prapta ngarsèng sang prabu | mèsêm sarwi ngandika | hèh yayi mas adipati | payo kene yayi dèn kaparèng ngarsa || |
40.037 | majêng Pangeran Dipatya | myang Dipati Surawèsthi | sri narendra angandika | paran karsanira yayi | layange jendral iki | Si Surapati jinaluk | Si Tak ingkang dinuta | anyêkêl Si Surapati | dene mêngko maksih ana ing Japara || |
40.038 | lah yayi sira pikira | lan punggawanira katri | Dipati Sampang tur sêmbah | Jangrana tur sêmbah aris | yèn suwawi sang aji | tinêdhakakên pukulun | upami kinêkahan | amasthi yèn dados jurit | abdi dalêm Kumpêni kalawan Jawa || |
40.039 | langkung èmêng sri narendra | kang rayi umatur aris | yèn kawula tan sambada | ature punggawa katri | apan pun Surapati | angabdi ing kaka prabu | dene mangke tinêdha | winastan dosa Kumpêni | tinurutan inggih tuwan têdhakêna || |
40.040 | nanging abdi dalêm Jawa | sampun tumut angrencangi | angraman pun Surapatya [2: 73: Surapa...tya] | dimèn cinêkêl pribadi | apan pun Surapati | tan darbe dosa pukulun | inggih dhatêng paduka | yèn abdi dalêm ngrencangi | sayêktine anyikara tanpa dosa || |
40.041 | pan punika băngsa Islam | dene yèn mêksa Kumpêni | paduka angêlèsana | ngakêna tan darbe dasih | dhatêng pun Surapati | anane nèng nagriningsun | pan iku angawula | marang ing pêpatih mami | ana Anrangkusuman gènnya suwita || |
40.042 | katujon sri naradipa | myarsa ature kang rayi | gumujêng sarya ngandika | bênêr yayi mas dipati | mangkono saur mami | kawrata ing angsul-angsul | de Kumpêni yèn mêksa | anjaluk Si Surapati | sun pundhute iya têka dèn cêkêla || |
40.043 | hèh ta sira Sindurêja | payo mêtua dèn aglis | wèha wruh marang ajidan | mangkono timbalan mami | nuli tundhungên aglis | lan utusana sirèku | angatêr mring Samarang | lan pracayakêna maning | kang sun tuduh rumêksa marang Si Êtak || |
40.044 | pangane ana ing marga | ya Si Răngga ing Samawis | Arya Sindurja gya mêdal | sapraptanira ing jawi | ajidan dèn dhawuhi | ing timbalane sang prabu | wus pamit sigra mêsat | pan sampun wartèng Kumpêni | kang ajaga ing nagari Kartasura || |
40.045 | tan kawarna solahira | ya ta wau sri bupati | alon dènira ngandika | hèh yayi mas adipati | sira sun srahi kardi | dhawuhna timbalan ingsun | lamun Si Surapatya | jinaluk marang Kumpêni | lan Si Anrangkusuma sun karya wayang || |
164–165 dari 225