Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
40 dari 46
165–166 dari 225
1.650–1.659 dari 2.243
40.054 pan sarwi alon turira | sampeyan pêparing kêris | sampun kêdaha bewara | paringa dhuwung kang alit | kang dhapur tilam upih | lawan kalamisan iku | myang sangu tumpêng ika | kula têdha pasopati | inggih pintên agênge siyunging ula ||
40.055 saksana sagung dipatya | samya suka dhuwung alit | kang sami titih kewala | ri sampuning sinung kêris | bubaran radèn patih | myang Surapati tan kantun | pan sampun atur sêmbah | sagunging para dipati | sarêng bubar saking dalêm Kapugêran ||
40.056 wau Radèn Nrangkusuma | wus prapta dalêmirèki | anulya lajêng gêganjar | marang prajurite sami | wastra kancana picis | Radèn Surapati sinung | sadaya wadyanira | sampun sinungan kêlambi | pan sangkêlat abang rinenda satêbah ||
40.057 sadaya lancinganira | prasamya sangkêlat kuning | pinanji rinenda pêthak | bêbênting cindhe jo sami | prasamya udhêng putih | gantya wau kang winuwus | duta ajidan prapta | ing Japara wus [2: 76: wu...s] apanggih | lawan Êtak tutur ing sasolahira ||
40.058 tuwin andikaning nata | Kapitan Tak sukèng galih | wus budhal saking Samarang | Ki Răngga apan umiring | kang rumêksa ing margi | tundhan lawan panganipun | datan kawarnèng marga | ing Kênêr pan sampun prapti | ya ta rêrêm Ki Răngga atur uninga ||
40.059 wus katur marang narendra | yèn Kapitan Êtak prapti | anèng Kênêr saha bala | rêrêb ngasokkên wadya lit | sang nata animbali | Sindurja ingkang tinuduh | karyaa pasanggrahan | ing Banyudana dèn aglis | yèn wus dadya Si Êtak sira undanga ||
40.060 sira Arya Sindurêja | pan sampun anandhang wêling | ngirid punggawa têtiga | ing Banyudana wus prapti | karya pakuwon dadi | sigra aputusan sampun | Ki Arya Sindurêja | ing wau mantri kêkalih | mring Ki Răngga Êtak kinèn ngenggalêna ||
40.061 Kapitan Tak ingaturan | marang Ki Răngga Samawis | saking ing Kênêr wus budhal | kawarnaa sri bupati | Dipati Surawèsthi | kinèn obong-obong dalu | pasowan kidul ika | saha surakira atri | loking kathah Surapati ngamuk rampak ||
40.062 ya ta wau lampahira | Kapitan Êtak wus prapti | Toyadana saha bala | ya ta wus apanggih nuli | lan Arya Sindurjèki | sadaya sarêng cumundhuk | binêktèng pasanggrahan | wus tata sami alinggih | Kapitan Tak alon dènira anabda ||
40.063 radèn manira dinuta | jendral myang para ratpêni | anuhun pun Surapatya | kyèh dosanya mring Kumpêni [2: 77: Kumpê...ni] | lan jendral angaturi | kintun renda myang baludru | punapa ta maksiha | kang aran pun Surapati | Radèn Arya Sindurja lon dènnya mojar ||
165–166 dari 225