Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
41 dari 46
170–171 dari 225
1.696–1.705 dari 2.243
41.027 | sarupane wong ingsun ing Kartasura | padha sun kon ngrewangi | milua ing sira | mau ingkang sun duta | bêbujung Si Surapati | wong ing Madura | lawan ing Surawèsthi || |
41.028 | nanging sira Êtak aja lunga-lunga | nadyan maguta jurit | aja doh lan ingwang | manawa ta kasoran | wong Sampang wong Surawèsthi | Si Surapatya | têmah anggêpuk puri || |
41.029 | sarêng mirsa Êtak andikaning nata | langkung suka ing galih | asru aturira | dhuh gusti sampun susah | yèn pun Êtak maksih urip | pun Surapatya | gêsang sasat ngêmasi || |
41.030 | inggih gusti sampun munggwing astaningwang | Surapati abaik | nanti beta ajar | dhia punya kêpala | beta taruk bawah kaki | alatah-latah | sarwi angêntrog wêntis || |
41.031 | wus tumurun Êtak saking sitibêntar | nindhihi barisnèki | ya ta Sindurêja | sigra dènnya utusan | marang sang dipati kalih | ing Surabaya | lan Pangran Madurèki || |
41.032 | amangsita yèn Kapitan Tak wus prapta | ngalun-alun abaris | ya ta kawuwusa | wau Ki Surapatya | dèn bêbujung dèn bêdhili | ing Pepe prapta | gepak mangetan aglis || |
41.033 | nurut kali Pepe tinurut mangetan | dene bupati kalih | sarwi binêdhilan | prapta Bungas bang wetan | gepak ngidul Surapati | myang radèn patya | ing Sêndhang kang dèn jogi || |
41.034 | katêrajang barise măncanagara [2: 83: mă...ncanagara] | mawur malêdug ngisis | ya ta cinarita | wontên wadya Madura | lêlurah wong saragêni | kaku tyasira | aran Ki Konangpasir || |
41.035 | Konangpasir angucap mring rowangira | akêsêl têmên mami | anggung bêburonan | alambang lêlumbungan | payo padha nganggo mimis | Tak kasap pisan | jinajal sigra bêdhil || |
41.036 | rowangira Surapati siji kêna | kêna wêntise mati | angling Surapatya | wong Sampang liwat ala | amadal wêlinging gusti | wangsul saksana | ngilèn Ki Surapati || |
170–171 dari 225