Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
41 dari 46
169–170 dari 225
1.689–1.698 dari 2.243
41.020 nulya ana dutane Dipati Sampang | panggih lan Sindurjèki | duta aturira | kawula pan dinuta | ingkang raka sang dipati | atur uninga | lamun pun Surapati ||
41.021 dèn bêbujung mangalor gepak mangetan | andika dèn aturi | nuntên dipun enggal | lawan Kapitan Êtak | manawa pun Surapati | ngidul parannya | satêmah gêpuk puri ||
41.022 dika radèn ing alun-alun barisa | rakanta langkung watir | sigra Kapitan Tak | lan Arya Sindurêja | ginêlak lampahing baris | gumrah swaranya | ing alun-alun prapti ||
41.023 wus akumpul Kumpêni barise aglar | yèn tinon angajrihi | lor waringin kêmbar | wus samya sinêgahan | dawêgan kalawan cêngkir | wadya kèhira | kang catur wong Kumpêni ||
41.024 tigang taun gawane Kapitan Êtak | kalih atus wong Bugis | pănca tus Mêkasar | miwah Ambon punika | sira tan minggah manginggil | wusnya tabean | kalawan sri bupati ||
41.025 atur kêkintun sira gurnardur jendral | wus katur ing sang aji | ya ta Kapitan Tak | alon ing aturira | kawula dinuta gusti | pun kaki jendral | mikut buron Kumpêni ||
41.026 ingkang wontên ing nagri dalêm punika | lilah [2: 82: li...lah] paduka gusti | sang nata ngandika | lah iya dèn pracaya | apan ta Si Surapati | băngga maringwang | ya băngga mring Kumpêni ||
41.027 sarupane wong ingsun ing Kartasura | padha sun kon ngrewangi | milua ing sira | mau ingkang sun duta | bêbujung Si Surapati | wong ing Madura | lawan ing Surawèsthi ||
41.028 nanging sira Êtak aja lunga-lunga | nadyan maguta jurit | aja doh lan ingwang | manawa ta kasoran | wong Sampang wong Surawèsthi | Si Surapatya | têmah anggêpuk puri ||
41.029 sarêng mirsa Êtak andikaning nata | langkung suka ing galih | asru aturira | dhuh gusti sampun susah | yèn pun Êtak maksih urip | pun Surapatya | gêsang sasat ngêmasi ||
169–170 dari 225