Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
42 dari 46
183–184 dari 225
1.828–1.837 dari 2.243
42.071 hèh Martapura sirèki | jinaluk marang Walănda | timbalan dalêm maringong | miwah mring catur punggawa | yèn sira wani nglawan | ingsun kinèn milu ngamuk | kalawan sakancaningwang ||
42.072 Pangran Natakusuma [2: 99: Nata...kusuma] ris | inggih adhi Martapura | yèn besuk prapta loji jro | yèn pakênira cinandhak | kabèh kakang rinira | nora tega kabèh ngamuk | yèn sira wani anglawan ||
42.073 barêng lêbur barêng mati | bupati kalawan sira | Martapura sru ature | yèn makatên kang timbalan | inggih purun kawula | wuwuha Kumpêni sèwu | kawula datan suminggah ||
42.074 amêngsah lawan pun kapir | pundi ênggènnya kapanggya | ngrangsanga balowartine | pan inggih purun kawula | anêdya sabilolah | alah silih raganingsun | mati bubukên kewala ||
42.075 angur ngamuka Kumpêni | yèn matyantuk marga mulya | sarya anampèl wêntise | suka punggawa kalima | miyarsa sanggupira | Ki Martapura ambrubul | ing dalu datan winarna ||
42.076 ya ta kawuwusa enjing | punggawa samya sanega | Radèn Sindurja wadyane | satus ingkang pêpilihan | kang badhe sarêng pêjah | kang arsa binêkta ngamuk | dene wadya kathah-kathah ||
42.077 badhe munggwèng jawi loji | Pangeran Natakusuma | salawe pêpilihane | kang badhe sabaya pêjah | Tumênggung Suranata | sawidak santananipun | kang samya tumut palastra ||
42.078 Ki Mangunonêng amilih | wong ing Pathi kawan dasa | kang yogya barêng lêbure | Ki Binarong pilihannya | antuk wong salawe prah | kang badhe tumut malêbu | ing loji sabaya pêjah ||
42.079 Tumênggung Martapurèki | amilih wong kawan dasa | wadya Japara nom-anom | kang samya dinulangmangap | badhe nglabuhi pêjah [2: 100: pê...jah] | Radèn Arya Sindurjèku | sampun angrasuk busana ||
42.080 dhuwung sakawan cinangking | kalima cundrik punika | kang minăngka cêcothène | Pangeran Natakusuma | mangking dhuwung têtiga | Kyai Gupita ing ngayun | cinothe munggwèng adhakan ||
183–184 dari 225