Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
43 dari 46
185–186 dari 225
1.850–1.859 dari 2.243
| 43.007 | wontên lutnan andêlirèng jurit | wus winangsit kinèn nglarihana | marang Ki Martapura ge | dyan anglarihi gupuh | Martapura dènnya nanggapi | gumêtêr astanira | lutnan mingsêr sampun | ingkang kiwa nyêkêl talam | kanan nyandhak kêrise Martapura glis | sinêndhal sing lêmpèngnya || |
| 43.008 | kêna siji kasêlak nginggati | samya ngadêg sagunging punggawa | myang Kumpêni ngadêg kabèh | Martapura lumayu | têbah jaja rahadèn patih | Pangran Natakusuma | ngusap jajanipun | Ki Tumênggung Suranata | Mangunonêng Binarong kinèn nututi | Martapura kacandhak || |
| 43.009 | kapêgatan dening wadya Jawi | Martapura sampun sinudukan | ajur mumur kuwandane | Suranata sru muwus | sêsuwèkên pakakna anjing | sigra kang wadya Dêmak | anyênyêmpal sampun | ing jisime Martapura | Suranata kinèn sira jêjarahi | mring wismèng Martapuran || |
| 43.010 | sarayate wus dèn rêrayahi | rajabrana cinacahkên samya | ananggênah ing wadyane | Ki Suranata wangsul | sakancane marang ing loji | kumêndur kang winarna | langkung sukanipun | muwus mring Radèn Sindurja | latah-latah kumêndur dènira angling | radyan nyana kawula || |
| 43.011 | Martapura ambăndakalani | botên andimpe yèn janma rucah [2: 103] | atêbih lan piangkuhe | tur ta radèn puniku | ngati-ati bêkta prajurit | ngandika radyan patya | sarya sru gumuyu | panyana kawula wangkal | kala dhingin duk maksih alungguh mantri | wontên ing Kartasura || |
| 43.012 | Jiwaraga dahat nglêlanangi | kumêndur saya alatah-latah | yèn makatên tuwan radèn | nyolong pêthèk puniku | pan kasaru wau duk prapti | Tumênggung Suranata | lan sakancanipun | katur Radèn Sindurêja | yèn isining wisma sampun dèn jarahi | nak rabi binoyongan || |
| 43.013 | katur sêrat kêkitir donyèki | nanging maksih rinêksèng pandhapa | miwah saanak rabine | rinêksa ing wadya gung | para Dêmang Grobogan Pathi | Rahadèn Sindurêja | mojar mring kumêndur | hèh sudara jêngandika | manawi ta wontên kang dipun karsani | tilare Martapura || |
| 43.014 | ingkang warni busana myang bini | sira kumêndur ngrêrêpa mojar | ingkang botên-botên radèn | pan kagunganing ratu | yèn nuhuna kawula ajrih | Kumpêni wus kalintang | trima kasihipun | dhatêng gusti sri narendra | pan kawula dèrèng sagêd amangsuli | sagunging kabêcikan || |
| 43.015 | radèn patih angandika aris | dhawuhakên andikaning nata | hèh sudara lan malihe | timbalane sang prabu | aprakara Si Surapati | mangkya nèng Pasuruan | madêg barisipun | bêbahak măncanagara | sri narendra amundhut wadya Kumpêni | amukul Surapatya || |
| 43.016 | ingkang badhe tinuduh ing kardi | kang minăngka senapatyèng yuda | Adipati [2: 104: Adipa...ti] Madurane | lawan ing Surèngkewuh | ngirid sagung wadya pasisir | wulan ngajêng punika | nênggih angkatipun | yèn wis dadya kang pirêmbag | pakênira ing benjang kintuna tulis | pasthine ing ubaya || |
185–186 dari 225