Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
44 dari 46
193–194 dari 225
1.924–1.933 dari 2.243
44.036 yayi mas paran kang karsa | aprakara lakune si dipati | wus janji lan si kumêndur | prakarèng Pasuruan | lamun ingsun mundhut bala Walandèku | amukul ing Pasuruan | lan dèn pêrcayakkên malih ||
44.037 kang sun tuduh ing ayuda | punggawèngsun Madura Surawèsthi | ngirid pasisir sadarum | kang rayi atur sêmbah | yèn suwawi ing karsa wau sang prabu | lêhêng nuntên linampahan | inggih pun dipati kalih ||
44.038 gampil wuri panggihana | inggih lawan pun Kumpêni ing benjing | wontên ing [2: 115] paran pukulun | sadaya umangkata | pun Kumpêni pasthine mêdal ing laut | sri naradipa ngandika | iku karsaningsun yayi ||
44.039 mêksih kaya dhingin uga | uwong roro iku sun karya sandi | duk Jêpara durung Ontung | alane kang sun karya | Jiwaraga wijile wong abêburuh | karya lingsêming nagara | nisthèng sang karya bupati ||
44.040 yayi nisthaning narendra | yèn akarya punggawa jrih ing pati | watêking wong ajrih lampus | wani panggawe cidra | durung prapta ing tekad ngawula ratu | apan jênênging manungsa | tan bisa miliha pati ||
44.041 watarèng sun yayi mangkya | pan wus agêng kondhange Surapati | pêpantêse iku wuwuh | yèn ora kawanguran | ingkang rayi Pangran Pugêr awotsantun | lah sintên ingkang puruna | bladhahkên karsèng narpati ||
44.042 lah suwawi tinimbalan | pun dipati ing Sampang Surawèsthi | kinèn siyagèng prang pupuh | sang nata sigra duta | animbali mring Apatih Sindurjèku | lawan Adipati Sampang | têtiga ing Surawèsthi ||
44.043 punggawa katri wus prapta | ing ayunanira sri narapati | sri narendra ngandika sru | hèh yayi ing Madura | atanapi adhi Surabaya iku | ngrabasaèng Pasuruan | ngirida wadya pasisir ||
44.044 lan wadyèngsun Kartasura | sapratêlon milua mring sirèki | nanging aywa salang-surup | ing karya nata gêlar | tangkêbing prang kang kadi andaka liwung | mangliwung nêdya lêburan | lawan mungsuh rêbut pati ||
44.045 mung batin padha elinga | yèn pêrangmu mungsuh Si Surapati | iku prang sulap liripun | kadi kang wus kalakyan | mung sêdyaa angadu bae sirèku [2: 116: si...rèku] | Surapati lan Walănda | marma angsahmu ing jurit ||
193–194 dari 225