Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
44 dari 46
190–191 dari 225
1.894–1.903 dari 2.243
44.006 wau Panêmbahan Rama | pan amomong munggèng wurining baris | arya kêkalih tut pungkur | saha kêkutug mênyan | prapta angin silir-silir sarta lesus | ing payudan alimêngan | kêkês wadya Surawèsthi ||
44.007 wadya Madura miyarsa | wus sanega saking wetan ngêbyuki | nanging samya kêkêsipun | tuwin wadya Arahan | saking kilèn sarêng dènira anêmpuh | gumrah swaraning kang yuda | prapta udan awor angin ||
44.008 kang wadya samya arumab | Ki Dhadhapan anêmpuh saking kering | wong Surabaya kèh lampus | miwah wadya Madura | wong Ngarahan samana samya binuru | wadya Ngarga yudanira | lir andaka tawan kanin ||
44.009 kasaput dalu samana | kang ayuda prasamya mundur aris | amakuwon kalihipun | ing dalu kawarnaa | Panêmbahan Rama siniwèng wadya gung | munggèng sanggar pamêlêngan [2: 111: pamêlêng...an] | Răngga Dhadhapan nèng ngarsi ||
44.010 panêmbahan angandika | hèh Dhadhapan benjing yèn sira jurit | kaya nora kongsi nêmpuh | marang sariranira | tuwin marang wadyanira kabèh iku | kaya uwis dening gêlar | gêlar ingsun benjing-enjing ||
44.011 alang-alang sun gêtaka | iku dadya manusa milu jurit | akèh kadulu ing mungsuh | mungsuh giris umiyat | ingkang wadya sadaya enggar wotsantun | kunêng gantya kawuwusa | Ki Tumênggung Surawèsthi ||
44.012 ing dalu apagunêman | kang tanaya sadaya munggèng ngarsi | miwah para mantrinipun | tuwin mantri Madura | myang Ngarahan Ngawăngga pan sampun rawuh | Kêkonang lan ing Pacalan | Têmbayan kang dèrèng prapti ||
44.013 sira Tumênggung Jangrana | angandika hèh sanak-sanak mami | paran iki wêkasipun | yèn manggung mangkenea | kaya nora sampurna ing sapta tèngsu | yèn mêngkono karêp ingwang | ing ayuda sun awaki ||
44.014 aja anganggo pangawat | sarupane nunggala lawan mami | Pangeran ing Ngawănggèku | Pacalan lan Kêkonang | ing Têmbayat anaa ing wuriningsun | sampun kêdah magut yuda | ingong dhewe kang ngawaki ||
44.015 umatur Pangran Ngawăngga | pan pun adhi Têmbayat dèrèng prapti | pun adhi mindêl puniku | têdah ngawaki dhawak | sawarnine inggih sanak-sanakipun | tinêkakakên kawula | nanging maksih kula iring ||
190–191 dari 225