Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
45 dari 46
199–200 dari 225
1.982–1.991 dari 2.243
45.021 Ki Tumênggung Singabarong ingaranan | lêlurahe wong Bali | aglar ngarsa nata | samyodhêng bulang-bulang | abajo sangkêlat kuning | sondhèr ngangrangan | asikêp waos jinggring ||
45.022 kawarnaa wau Dipati Urawan | amêthuk ing ajurit | saha wadyanira | tata abaris kapang | Wanakusuma winarni | budhal saksana | saking pakuwonnèki ||
45.023 munggèng joli wau Ki Wanakusuma | pan sampun kaki-kaki | sutanirèng ngarsa | ingkang rinaja-raja | Radèn Jayalêlanèki | Jayaparusa | samya munggèng turanggi ||
45.024 apêpaès wadana têtasikan mas | wau radèn kêkalih | dening êmbanira | Kartigarut rinămpa- | rămpa lir binayang kari | ingapit wadya | tur sinosongan[1] kuning ||
45.025 Radèn Jayalêlana sampun miyarsa | yèn ingkang mêthuk jurit | Dipati Urawan | ngrig wadya Kartasura | Wanakusuma nulya glis | ngubêngi wadya | lan maca donga satin ||
45.026 donga bancah caracah bala sanambang | lan donga sèpi angin | sarwi nêtêg kêndhang | gumrah swaraning wadya | dhikiran karêngyèng langit | Jayalêlana | angatag wadya aglis ||
45.027 payo batur trajangên ywa ringa-ringa [2: 123] | mungsuh wong Kartawani | mangsah kang liningan | nêmpuh sura tan taha | sumahab kalawan muni | hah sulak-sulak | dilalah karsèng Widhi ||
45.028 samya kêkês wadyabala Kartasura | wau Ki Adipati | Urawan têngara | wadya ing Kartasura | sumahab anêmpuh jurit | campuh ing yuda | sanjata datan muni ||
45.029 dyan gumulung wadya ing Wanakusuman | gustine anindhihi | angamuk mangrêmpak | ngisis wong Kartasura | kesisan Sang Adipati | Urawan sigra | krodha maksih angungkih ||
45.030 pan binotan rumab wadya Kartasura | kathah kang kajumpalik | tiba ing leleran | sira Ki Adipatya | Urawan pan mobat-mabit | anantang yuda | nging wadya mêksih ngisis ||
199–200 dari 225

 


sinongsongan. (kembali)