Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
45 dari 46
197–198 dari 225
1.963–1.972 dari 2.243
45.002 Kartigarut sigra dènira [2: 120: dèni...ra] umêsat | saking ngarsaning gusti | marang padhusunan | ngubalkên kasêntikan | wong padesan samya wingwrin | katêmbèn miyat | lan samya sinung warti ||
45.003 yèn gustine ing mangkya wus katurunan | wahyu laetul kadri | nurbuwat karajan | amêngku tanah Jawa | wong desa sapa kapengin | dadya punggawa | anuta gusti mami ||
45.004 bêkêl miwah panglawe benjang binawat | pan ajung dadi mantri | panèkêt kinarya | ing benjang pan wadana | wong desa prasamya melik | kêna ing kêmat | ing pangabarannèki ||
45.005 asadhiya sakèhing janma padesan | ngumpul mring Wanatawis | andadi barisnya | karya rakiting pura | têratag rambat ing ngarsi | wadya kang sowan | sèwu yèn winitawis ||
45.006 turut wana pan sampun suyut sadaya | miwah sawetan ardi | Marapi sadaya | Mêrbabu saurutnya | kêrig marang Wanatawis | dyan kawuwusa | kang arsa madêg aji ||
45.007 Radèn Jayalêlana Jayaparusa | apan ing sabên enjing | amêpak kang wadya | ngubalkên pangabaran | kapencuta kang umèksi | nèng luhur kuda | lawung pitu tininggil ||
45.008 mêsat marang gêgana pan sarêng prapta | angrubung sang apêkik | ginêtak umêsat | pan kinarya kasukan | kalamun ambêdhol dami | nulya sinêbar | pan dadya watang jinggring ||
45.009 yèn ginêtak dadi katingal manungsa | wau radèn kêkalih | umarêk kang rama | arsa ngrabasèng pura | kang rama ngandika aris | hèh sutaningwang | iya karsanirèki ||
45.010 nanging ingsun iya măngsa pitayaa | karyakna jolèn mami | mawa payon kajang | kanggo [2: 121: kang...go] tumpakan ingwang | suka tyas tanaya kalih | wus karsaning Hyang | ginubêl anuruti ||
45.011 nanging saking kawratan trêsna ing putra | gingsir ing lampahnèki | ngêmping kasutapan | sampunira siyaga | sakapraboning ajurit | ki gêdhe sigra | ngubêngi maring dasih ||
197–198 dari 225