Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
46 dari 46
209–210 dari 225
2.087–2.096 dari 2.243
| 46. Dhandhanggula | |
| 46.001 | datatita lingira ing nguni | Sang Dipati Pugêr winursita | kang mêntas mênang jurite | myang para punggawa gung | ingkang ngungsir mêngsah wus prapti | wadya Wanakusuma | kathah ingkang lampus | akêkècèr turut marga | pra punggawa sadaya sampun kapanggih | lawan Kangjêng Pangeran || |
| 46.002 | Adipati Pugêr sigra nangkil | myang punggawa umiring sadaya | mung kang têngga ing jisime | Jayaparusa iku | apan abdi mantri kêkalih | angantya karsaning kang | rakanta sang prabu | Pangeran di Kapugêran | sigra nangkil myang sagung para bupati | umiring sang nararya || |
| 46.003 | Tumênggung Singabarong tan têbih | wadya Bali umiring sadaya | gumêr gumêrah swarane | kawarnaa sang [2: 135] prabu | wus adangu ngantya ing rayi | lênggah palăngka dênta | siniwèng wadya gung | kayungyun nguyu-uyua | ingkang rayi pangeran adi wus prapti | myang sagunging punggawa || |
| 46.004 | nulya ingawe mring sri bupati | jêng pangeran tumamèng byantara | dahat mabukuh lênggahe | rinangkul mring sang prabu | saha tanya wartaning jurit | nêmbah kangjêng pangeran | sarwi aris matur | pukulun jêng kakang êmas | barkah nata pun brandhal sampun katitih | curna madyèng palagan || |
| 46.005 | manggalanira wontên kêkalih | Jayalêlana Jayaparusa | apan ta samya sêdyane | kapengin madêg ratu | nanging saking barkahira ji | wau Jayaparusa | tandhing lawan ulun | matêk măntra tanpa dadya | ulun tumbak kapisanan angêmasi | prabu arum ngandika || |
| 46.006 | lah ta iku dene wong Matawis | uwakane Ki Jayaparusa | pralaya samono bae | durung panggih lan ingsun | baya misih jarêm kang pikir | hèh Wo Singanagara | pocokên dhasipun | panjêrên waringin kêmbar | gêgêmbunge pakakna ing gagak aglis | kang kinon awotsêkar || |
| 46.007 | ingkang murda pinocok tumuli | dyan pinanjêr ing waringin kêmbar | datan kawarna solahe | nulya jêngkar sang prabu | sing sewakan angênyapuri | sira Kangjêng Pangeran | Pugêr sampun mundur | miwah kang para punggawa | bubar sami mantuk gantya kang winarni | kang nagara raharja || |
| 46.008 | tata titi gêmahing nagari | suka singgih kang para dipatya | miwah kang para mantrine | langkung ing kartanipun | sugih-sugih kang wadya alit | miwah wong dagang layar | kêrtane kêlangkung | ajêg sagung kang punggawa | ênêngêna wau ta ingkang [2: 136: ing...kang] lumaris | mring nagri Pasuruan || |
| 46.009 | praptèng Gêndhèng kang para dipati | angantya Kumpêni datan prapta | sami ngeca-eca bae | Dipati Sampang sampun | aputusan atur upaksi | ing gusti naradipa | mêsat kang ingutus | ing ênu datan winarna | kang caraka ing kapatihan wus prapti | tumamèng ngabyantara || |
| 46.010 | sampun tundhuk duka lan ki patih | sira aglis binêktèng pasowan | umanjing pura sira ge | sêratira wus katur | tinupiksa mring sri bupati | arum wijiling sabda | hèh patih dèn gupuh | layang angsul-angsulana | wartanana yèn ana mungsuh nêkani | malah prapta ing praja || |
209–210 dari 225