Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
16 dari 46
58–59 dari 225
573–582 dari 2.243
16. Pangkur
16.001 mangsah sikêping Madura | yèn sinawang lir banthèng tawan kanin | angajrihi tandangipun | kadi kang singa lodra | rêbut mangsan sadaya pan sami purun | prasamya onclang gêgaman | wong Makasar onclang lêmbing ||
16.002 prajurite wong Madura | mangku yuda têguh prakosa wani | dene wau sisihipun | aran Dhandhangwacana | anadene kiwa wau sisihipun | kang têngên Ki Wăngsaprana | sami prakosa ing jurit ||
16.003 iku têtindhihing rana | sigra mangsah lir banthèng tawan kanin | tiyang Makasar akêmbul | kadi kang singa lodra | ing ayuda punika têtindhihipun | awasta Dhaèng Marewa | kalawan Dhaèng Makincing ||
16.004 mangsah sikêping Mataram | pra wadya kang dadi cucuking jurit | swarane lir gunung rubuh | mimis tiba lir udan | pêtêng dhêdhêt ing payudan kadi dalu | dening kukusing sandawa | awor [1: 89: a...wor] suraking sujalmi ||
16.005 nora sangsaya ajriha | wong ing Sampang myarsa swaraning bêdhil | sumêdya asoroh amuk | binendrong ing sanjata | wadya Sampang pinuntir barêngosipun | pêdhange ingikal-ikal | sarwi ngagêm tamèng bali ||
16.006 samana pan onclang watang | dyan umangsah sarwi anaut rawis | wong Madura sami purun | rame têmpuh ing yuda | lir andaka wong Sampang pangamukipun | arame têmpuh ing yuda | tan ana kang ngucap ajrih ||
16.007 wong Makasar dènnya aprang | ngagêm lêmbing tan ana kang ngabêri | prasami asoroh amuk | pan kadi singa lodra | baya silih wus pinasthi ing Hyang Agung | wadyabala ing Mataram | wingwrin tan darbe kuwanin ||
16.008 pra mantri lan pra satriya | kang prajurit manahe kadi èstri | kêkês tan darbèni purun | ingamuk wong ing Sampang | wong Mataram barise amawut-mawut | akathah ingkang palastra | apan nora angundhili ||
16.009 rusak wadya ing Mataram | prajurite prasamya angawaki | kang dadya andêling kewuh | Jêng Pangeran Purbaya | anyamêthi kuda sumêdya amagut | ingiring para wadyanya | sarêng mangsah ing ajurit ||
16.010 Ki Ngabèi Wirajaya | dyan umangsah lan Panji Wirabumi | lawan Ki Răngga Sidayu | angamuk ambêk pêjah | para mantri Mataram sarêng umagut | dene andêling ayuda | Pangran Purbaya ngawaki ||
58–59 dari 225