Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29 dari 46
114–115 dari 225
1.133–1.142 dari 2.243
29.016 Cakraningrat prasamya dèn ungsi | nora bêtah nèng luhuring arga | binaya mangap ngisore | apan kinêpung wakul | dening sagung para dipati | miwah wadyane Amral | prasamya angêpung | warnanên Ki Trunajaya | apan lagya ginubêl dening kang rayi | sang putri ing Mataram ||
29.017 radèn ayu amuwun tan sipi | ingkang para garwane sadaya | kalara-lara sambate | dene tan ngombe banyu | salamine nèng luhur ardi | wus kawan dasa dina | tan wontên anginum | umatur sang rêtnaning dyah | mring kang raka dhuh paraning rèh puniki | yèn awèt mangkenea ||
29.018 iya sapa bisa ngêlakoni | nora ngombe patang puluh dina | wong wadon pira kuwate | Trunajaya amuwus | antèkêna riningsun gusti | pirabara ing benjang | wruh rasaning banyu | sêdyakêna mara tapa | sang dyah ayu sumaur sarwi anangis | dhuh lae besuk apa ||
29.019 apa margane nginum wêwarih | ngisor gunung apan tinuguran | wong siji tan bisa mrèjèl | jêr dika wong kumênthus | nora nganggo boboting urip | mêksa umadêg nata | rat Jawa winêngku | samangke kadya punapa | solah dika duraka [1: 175] dika andhêmi | amungsuh kadang tuwa ||
29.020 pae dhingin duk bêdhah Matawis | dika prênah wong liyan bêrayan | mêngke jêr wong mungsuh ipe | apa baya tinêmu | mêmungsuhan lan kadang mami | kang jêmaking[1] akathah | nênggih kadang sêpuh | pasthi gêgêntining rama | kang abênêr dununging sêmbah sayêkti | ya marang kadang tuwa ||
29.021 Trunajaya pan kadya jinait | driyanira myarsa kang wacana | tanbuh duk mijil waspane | kang rayi gya rinangkul | dhuh abdine atadhah runtik | mring gusti sang lir sêkar | dewaning wong ayu | sapa kang duwe bêndara | kaya amung Trunajaya kang nungkêmi | nadyan praptèng dêlahan ||
29.022 mingsêg-mingsêg wau sang lir Ratih | lamun dika anurut maringwang | pasthi ingsun mudhun dhewe | amapag kakang prabu | nadyan silih amanggih pati | măngsa ta gumingsira | iya raganingsun | nanging sun watara kangmas | yèn sun gubêl nora kolu amatèni | nadyan mring kang salira ||
29.023 wus dilalah karsaning Hyang Widhi | Trunajaya manahipun gampang | dadya nurut ing garwane | datan sawalèng kayun | Trunajaya dêlingnya manis | dhuh mirahe pun kakang | ratuning rum-arum | sira gusti rumiyina | umarêka ing raka dika narpati | ngaturna pêjah gêsang ||
29.024 nanging anggèr mangkata rumiyin | yèn wus silih panggih lan rakanta | yèn wus ngapurèng dasihe | dene sun nuli mudhun | ngaturakên ing pati urip | marang sri naranata | gêntia winuwus | wontên wong Madura prapta | saking ngandhap pan [1: 176: pa...n] sarwi ambêkta tulis | utusane kang paman ||
29.025 Cakraningrat kang anonjok tulis | sampun prapta pucuking aldaka | katur mring Trunajayane | surat tinampan sampun | gya winaca sinukmèng galih | bêbukaning kang surat | salam donganingsun | tumêkaa mring anak mas | sira nyawa dèn timbali ing narpati | Sang Prabu Amangkurat ||
114–115 dari 225

 


1 jamaking. (kembali)