Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
29 dari 46
113–114 dari 225
1.129–1.138 dari 2.243
| 29.012 | anging sira sun sêdhahi kardi | sira bujuka Si Trunajaya | nèng Gunung Ngantang ênggone | Cakraningrat wotsantun | pan sandika karsa narpati | ya ta wong ing Madura | wus kathah kang rawuh | seba ing gustine lama | Cakraningrat wus kathah ingkang tut wuri | wong Sampang lan Madura || |
| 29.013 | sigêgên kang lagya gunêm kawis | kawuwusa Prabu Trunajaya | anèng gunung pakuwone | sagarwa putranipun | pan cinatur garwanirèki | putri saking Mataram | kêkalih pan tumut | duk bêdhahe ing Mataram | putri kalih binoyong kinarya rabi | Sang Prabu Trunajaya || |
| 29.014 | wau Radèn Ayu Klêting Kuning | Klêting Wulung punika kang tuwa | kang sampun dados garwane | kang anom pinarunggul | anging sang dyah tan angladosi | pan pinalaur pêjah | tan arsa salulut | lawan Prabu Trunajaya | dene sampun sadhèrèke dadya rabi | dhatêng Ki Trunajaya || |
| 29.015 | Trunajaya nèng pucuking ardi [1: 174: ar...di] | para garwanira kawlasarsa | tan bêtah nora angombe | miwah kawulanipun | apan sami minggat ing wêngi | tan bêtah nora mangan | tan angombe banyu | wong cilik pan sabên dina | alorodan samya ngumpul mring Dipati | Sampang kang anèng Payak || |
| 29.016 | Cakraningrat prasamya dèn ungsi | nora bêtah nèng luhuring arga | binaya mangap ngisore | apan kinêpung wakul | dening sagung para dipati | miwah wadyane Amral | prasamya angêpung | warnanên Ki Trunajaya | apan lagya ginubêl dening kang rayi | sang putri ing Mataram || |
| 29.017 | radèn ayu amuwun tan sipi | ingkang para garwane sadaya | kalara-lara sambate | dene tan ngombe banyu | salamine nèng luhur ardi | wus kawan dasa dina | tan wontên anginum | umatur sang rêtnaning dyah | mring kang raka dhuh paraning rèh puniki | yèn awèt mangkenea || |
| 29.018 | iya sapa bisa ngêlakoni | nora ngombe patang puluh dina | wong wadon pira kuwate | Trunajaya amuwus | antèkêna riningsun gusti | pirabara ing benjang | wruh rasaning banyu | sêdyakêna mara tapa | sang dyah ayu sumaur sarwi anangis | dhuh lae besuk apa || |
| 29.019 | apa margane nginum wêwarih | ngisor gunung apan tinuguran | wong siji tan bisa mrèjèl | jêr dika wong kumênthus | nora nganggo boboting urip | mêksa umadêg nata | rat Jawa winêngku | samangke kadya punapa | solah dika duraka [1: 175] dika andhêmi | amungsuh kadang tuwa || |
| 29.020 | pae dhingin duk bêdhah Matawis | dika prênah wong liyan bêrayan | mêngke jêr wong mungsuh ipe | apa baya tinêmu | mêmungsuhan lan kadang mami | kang jêmaking[1] akathah | nênggih kadang sêpuh | pasthi gêgêntining rama | kang abênêr dununging sêmbah sayêkti | ya marang kadang tuwa || |
| 29.021 | Trunajaya pan kadya jinait | driyanira myarsa kang wacana | tanbuh duk mijil waspane | kang rayi gya rinangkul | dhuh abdine atadhah runtik | mring gusti sang lir sêkar | dewaning wong ayu | sapa kang duwe bêndara | kaya amung Trunajaya kang nungkêmi | nadyan praptèng dêlahan || |
113–114 dari 225
| 1 | jamaking. (kembali) |