Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
29 dari 46
116 dari 225
1.151–1.160 dari 2.243
| 29.034 | dyan rinangkul mring kang paman aglis | Cakraningrat alon angandika | babo anak ingsun dhewe | sira ngabêkti ratu [1: 178] | apan mêntas kawon ajurit | bêcik nganggo pratăndha | nyawa putraningsun | katon katêmênanira | Cakraningrat wadyane wus dèn kêjèpi | anubruk Trunajaya || |
| 29.035 | Trunajaya tan suwalèng kapti | pan sumăngga karsane kang paman | măngsa amriha dudune | Cakraningrat amuwus | aja walangdriyanirèki | kêpanggihing pun paman | dukane sang prabu | binănda cindhe puspita | Trunajaya sampun binêkta lumaris | budhal saking ing Ngantang || |
| 29.036 | kawarnaa wau sri bupati | ingkang wontên jroning pasanggrahan | siniwi wadyabalane | munggèng têtarub agung | pêpak andhèr para dipati | tuwin para satriya | Kumpêni nung-anung | prasamya munggèng ngayunan | miwah Amral Hèlduwèl Brèh anèng ngarsi | sang nata angandika || |
| 29.037 | marang sêlir kinèn ngarih-arih | tungkulêna iku arinira | dèn Ayu Trunajayane | binêkta marang pungkur | kawarnaa Sang Adipati | Cakraningrat wus prapta | jaban baris agung | kèndêl ngaturi uninga | mring sang nata yèn Ki Trunajaya prapti | sampun binêkta bêstan || |
| 29.038 | langkung trusthanira sri bupati | wadya kinèn abaris sadaya | tuwin wong Kumpêni kabèh | abaris ngurung-urung | anggêgila kang lagi prapti | ya ta nulya ngandikan | Cakraningrat wau | ambêkta Ki Trunajaya | wus lumampah nangis sajroning kang ati | kaduwung solahira || |
| 29.039 | prapta ngarsanira sri bupati | Trunajaya tumungkul alênggah [1: 179: alêng...gah] | lir konjêm siti mukane | êdrèl munya gumrudug | mariyême awanti-wanti | Kodhokngorèk angangkang | gong bèri ambarung | tambure munya brang-brangan | Trunajaya pan kadya binayang kari | anglês sarira lupa || |
| 29.040 | sri narendra angandika aris | hèh bagea adhi Trunajaya | dèn kaparèng ngarsa kene | Trunajaya anuwun | saha nêmbah sumungkêm siti | sang nata angandika | ing ubayaningsun | sira adhi luwarana | apan ingsun durung duwe ujar malih | ya mêngko iya kuna || |
| 29.041 | apan dhingin ingsun duwe jangji | lawan sira yèn arja ing lampah | ingsun jro sira jabane | rat Jawa ingsun tan wruh | darma ingsun dadi narpati | sira anduwènana | bang-bang alum-alum | mêngko adhi tampanana | nungsa Jawa apan ingsun tan ngawruhi | măngsa bodhoa sira || |
| 29.042 | Trunajaya mêksa tan atampi | pangandika dalêm kaping tiga | Trunajaya nuhun ture | Pangran Lamongan muwus | anambungi sabda narpati | Ki Anak Trunajaya | pagene sirèku | têka sira tampanana | ngêndi ana satriya cidra ing jangji | kaya trah pêdarakan || |
| 29.043 | Trunajaya anêmbah nyuwun sih | sri narendra alon angandika | padha sêksènana kabèh | luwara jangjiningsun | adhi Trunajaya sun srahi | rat Jawa wus kalakyan | ing punaginingsun | nanging punagi manira | kari siji mêngko arsa sun luwari | duk ingsun anèng Têgal || |
116 dari 225