Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
30 dari 46
119–120 dari 225
1.183–1.192 dari 2.243
| 30.012 | Mangunjaya nulya amit | tan winarna lampahira | wus prapta Surabayane | lajêng tumamèng ngayunan | sang nata duk sineba | Ki Mangunjaya umatur | gusti pun Giri abăngga || |
| 30.013 | datan purun angidèni | [...][1] jênêng tuwan narendra | dhuwung pinundhut tan awèh | aseba [2: 5: ase...ba] pan botên nêdya | sang nata langkung duka | jajanira sumung-sumung | ngantirah pasuryanira || |
| 30.014 | pangandikanira wêngis | payo nêmbanga têngara | Giri ingsun tindakane | sigra kang para dipatya | samya nata gêgaman | wadya Kumpêni akumpul | sri naranata gya bubar || |
| 30.015 | sumrêg kang wadya lumaris | bubar saking Surabaya | lir ombaking sagara rob | ginêlak lampahing bala | ing marga tan winarna | ing Grêsik pan sampun rawuh | apan lajêng masanggrahan || |
| 30.016 | warnanên Pangeran Giri | pan sampun miyarsa warta | yèn linurugan prajane | dening Susunan Mangkurat | pan arsa mapag yuda | kulawăngsa samya ngumpul | miwah para modinira || |
| 30.017 | sami sêdyarsa prang sabil | santana ing Giripura | samya anêdhêng gawene | warnanên sri naranata | enjing nêmbang têngara | ing Giri sampun kinêpung | gêgaman tanpa wilangan || |
| 30.018 | măncanagara pasisir | miwah kang bala Walănda | pan sarêng amarêk kabèh | wadya Giri binêdhilan | nanging tan wontên mêdal | baris pêndhêm sêdyanipun | muwêr salêbêting dhêkah || |
| 30.019 | kinarutug dening bêdhil | wong Giri tan arsa mêdal | pra santana rêmbag kabèh | aluwung dadia lesan | dadya wong Giri mêdal | winatawis kalih atus | wong Giri angamuk rampak || |
| 30.020 | măncanagara pasisir | miwah kang bala Walănda | wong Giri rêmpêg pêrange | tan kandhêg pangamukira | binendrong ing sênjata | wong Kumpêni bêdhilipun | mimise pan kadya udan || |
| 30.021 | anusup kukusing bêdhil | wong Giri ri[...] [2: 6] [...][2] prangira | wong pasisir kèh kalonge | miwah wong măncanagara | wus kathah ingkang pêjah | kang para dipati magut | samya ngawaki sadaya || |
119–120 dari 225
| 1 | ing. (kembali) |
| 2 | Teks asli tidak terbaca: riwut. (kembali) |