Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
30 dari 46
120–121 dari 225
1.199–1.208 dari 2.243
| 30.028 | langkung duka sri bupati | judhipati ajarsura | ingkang wadya anom-anom | sadaya kinèn umangsah | nadhahi Singasêkar | kinarocok watang ganjur | lêmbing busur lan gudebag [2: 7] || |
| 30.029 | nanging tan wontên nêdhasi | maring Radèn Singasêkar | sakalangkung ing timbule | angawêt pangamukira | rusak ingkang apanggah | sumyur wadyane sang prabu | judhipati jagasura || |
| 30.030 | kang wadya nom-anom gusis | akathah ingkang palastra | wong Kumpêni kathah longe | langkung dukaning sang nata | arsa angawakana | gya Pangeran Kadilangu | Panêmbahan Natapraja || |
| 30.031 | umatur dhatêng narpati | sampun anggèr mangsah yuda | yèn maksih ingkang mangkene | sigra Pangran Natapraja | sampun nyandhak talêmpak | mara sarwi nguwuh-uwuh | hèh Singasari mandhêga || |
| 30.032 | sira Radèn Singasari | inguwuh-uwuh tan mirsa | pan wuru wau pamuke | Panêmbahan Natapraja | mara saking ing ngarsa | pan sampun dulu-dinulu | Radèn Singasari mojar || |
| 30.033 | sira iki wong punapi | wus dhawuk pêksa sudira | lungaa aja nèng kene | mêngko sira sun sasêmpal | Pangeran Natapraja | pangandikanira arum | hèh pantèn sira nututa || |
| 30.034 | ya ta Radèn Singasari | bramantya anggigit waja | arsa narajang sêdyane | tinadhahan ing talêmpak | ing Pangran Natapraja | ing jaja walikat têrus | sira Radèn Singasêkar || |
| 30.035 | mapan sampun angêmasi | maksih angawêt lathinya | curiga pan maksih lèngkèt | astanya lawan ukiran | datan kêna winêngkang | gawok sadaya andulu | gèdhèg-gèdhèg Amral mulat || |
| 30.036 | ya ta Pangeran ing Giri | ingaturakên bêbêstan | apan nulya dipun lawe | Pangeran Giri wus pêjah | kang Kalammunyêng ika | apa ta siyos pinundhut | sri narendra [2: 8: na...rendra] nulya budhal || |
| 30.037 | gumêrah lampahing baris | datan winarna ing marga | prapta ing Surapringgane | sri narendra masanggrahan | watawis pitung dina | wadya ingundhangan sampun | sang nata pan arsa budhal || |
120–121 dari 225