Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
30 dari 46
120 dari 225
1.191–1.200 dari 2.243
| 30.020 | măncanagara pasisir | miwah kang bala Walănda | wong Giri rêmpêg pêrange | tan kandhêg pangamukira | binendrong ing sênjata | wong Kumpêni bêdhilipun | mimise pan kadya udan || |
| 30.021 | anusup kukusing bêdhil | wong Giri ri[...] [2: 6] [...][1] prangira | wong pasisir kèh kalonge | miwah wong măncanagara | wus kathah ingkang pêjah | kang para dipati magut | samya ngawaki sadaya || |
| 30.022 | wontên santana ing Giri | aran Radèn Singasêkar | kagila-gila tandange | wong pasisir bubar-bubar | ingamuk Singasêkar | langkung duka sang aprabu | angatag sagunging bala || |
| 30.023 | lah payo bala Kumpêni | pira kadare wong Arga | urugên pêpati bae | santana gya sarêng mangsah | Bugis miwah Mêkasar | Ambon Têrnate pan ambyuk | sarêng wadya kasinoman || |
| 30.024 | miwah sagung pra dipati | ngêbyuki saha balanya | wadya ing Giri tandange | wong Giri kathah kang pêjah | dèn lambung saking kanan | wong Sampang samya umasuk | ing dhukuh gègèr puyêngan || |
| 30.025 | miwah wadya Surawèsthi | prasamya manjing ing dhêkah | wong Giri wus kuwur prange | dening dhukuh kalêbêtan | dadya Pangeran Ngarga | sampun cinêpêngan wau | dening kang para dipatya || |
| 30.026 | ya ta Radèn Singasari | aningali mring kang paman | binabayang ing wong akèh | sigra dènnya buwang watang | angamuk lan curiga | singa katarajang gêmpung | dening Radèn Singasêkar || |
| 30.027 | pra dipati anadhahi | kinarocok Singasêkar | lir parugu upamine | sinosog ing alang-alang | dadya sagunging wadya | giris mulat samya kondur | angungsi sri naranata || |
| 30.028 | langkung duka sri bupati | judhipati ajarsura | ingkang wadya anom-anom | sadaya kinèn umangsah | nadhahi Singasêkar | kinarocok watang ganjur | lêmbing busur lan gudebag [2: 7] || |
| 30.029 | nanging tan wontên nêdhasi | maring Radèn Singasêkar | sakalangkung ing timbule | angawêt pangamukira | rusak ingkang apanggah | sumyur wadyane sang prabu | judhipati jagasura || |
120 dari 225
| 1 | Teks asli tidak terbaca: riwut. (kembali) |