Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30 dari 46
120–121 dari 225
1.194–1.203 dari 2.243
30.023 lah payo bala Kumpêni | pira kadare wong Arga | urugên pêpati bae | santana gya sarêng mangsah | Bugis miwah Mêkasar | Ambon Têrnate pan ambyuk | sarêng wadya kasinoman ||
30.024 miwah sagung pra dipati | ngêbyuki saha balanya | wadya ing Giri tandange | wong Giri kathah kang pêjah | dèn lambung saking kanan | wong Sampang samya umasuk | ing dhukuh gègèr puyêngan ||
30.025 miwah wadya Surawèsthi | prasamya manjing ing dhêkah | wong Giri wus kuwur prange | dening dhukuh kalêbêtan | dadya Pangeran Ngarga | sampun cinêpêngan wau | dening kang para dipatya ||
30.026 ya ta Radèn Singasari | aningali mring kang paman | binabayang ing wong akèh | sigra dènnya buwang watang | angamuk lan curiga | singa katarajang gêmpung | dening Radèn Singasêkar ||
30.027 pra dipati anadhahi | kinarocok Singasêkar | lir parugu upamine | sinosog ing alang-alang | dadya sagunging wadya | giris mulat samya kondur | angungsi sri naranata ||
30.028 langkung duka sri bupati | judhipati ajarsura | ingkang wadya anom-anom | sadaya kinèn umangsah | nadhahi Singasêkar | kinarocok watang ganjur | lêmbing busur lan gudebag [2: 7] ||
30.029 nanging tan wontên nêdhasi | maring Radèn Singasêkar | sakalangkung ing timbule | angawêt pangamukira | rusak ingkang apanggah | sumyur wadyane sang prabu | judhipati jagasura ||
30.030 kang wadya nom-anom gusis | akathah ingkang palastra | wong Kumpêni kathah longe | langkung dukaning sang nata | arsa angawakana | gya Pangeran Kadilangu | Panêmbahan Natapraja ||
30.031 umatur dhatêng narpati | sampun anggèr mangsah yuda | yèn maksih ingkang mangkene | sigra Pangran Natapraja | sampun nyandhak talêmpak | mara sarwi nguwuh-uwuh | hèh Singasari mandhêga ||
30.032 sira Radèn Singasari | inguwuh-uwuh tan mirsa | pan wuru wau pamuke | Panêmbahan Natapraja | mara saking ing ngarsa | pan sampun dulu-dinulu | Radèn Singasari mojar ||
120–121 dari 225