Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30–31 dari 46
121–122 dari 225
1.205–1.214 dari 2.243
30.034 ya ta Radèn Singasari | bramantya anggigit waja | arsa narajang sêdyane | tinadhahan ing talêmpak | ing Pangran Natapraja | ing jaja walikat têrus | sira Radèn Singasêkar ||
30.035 mapan sampun angêmasi | maksih angawêt lathinya | curiga pan maksih lèngkèt | astanya lawan ukiran | datan kêna winêngkang | gawok sadaya andulu | gèdhèg-gèdhèg Amral mulat ||
30.036 ya ta Pangeran ing Giri | ingaturakên bêbêstan | apan nulya dipun lawe | Pangeran Giri wus pêjah | kang Kalammunyêng ika | apa ta siyos pinundhut | sri narendra [2: 8: na...rendra] nulya budhal ||
30.037 gumêrah lampahing baris | datan winarna ing marga | prapta ing Surapringgane | sri narendra masanggrahan | watawis pitung dina | wadya ingundhangan sampun | sang nata pan arsa budhal ||
30.038 saking nagri Surawèsthi | ya ta wau Mangunjaya | sampun jinunjung lungguhe | Sumênêp ganjaranira | Rahadèn Mangunjaya | sarta sinungan jêjuluk | Pangeran Cakranagara ||
30.039 ya ta wau sri bupati | budhal saking Surapringga | nglurug angilèn lampahe | gumêrah swaraning bala | narajang wanawasa | Amral Hèlduwèl Brèh wau | tumut mêdal ing dharatan ||
30.040 kasukan samargi-margi | sang nata lan wadyabala | suka manahe punang wong | sagunging para dipatya | pasisir wetan samya | ambêkta dêdamêlipun | tinon lir dhandhang wurahan ||
31. Dhandhanggula
31.001 tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta nagri Garobogan | anjog Samarang karsane | tan kawarna ing ênu | ya ta wontên pocapan malih | Ki Buyut Kêlaweyan | wau kang winuwus | lan anake Martanaya | duk sinuhun budhal saking nagri Têgil | alayar mring Jêpara ||
31.002 Kêlaweyan lan anakirèki | samya sêgah nèng têngah lautan | akathah atur-ature | durèn lawan kêpundhung | myang pijêtan nanas lan manggis | pêlêm kuwèni năngka | sêmăngka lan timun | sang nata nuju kasatan | Martanaya suguhe katur sang aji | kêlangkung kapracaya ||
31.003 pan dhinahar suguhe tumuli | sri narendra pan angrasa nikmat | dadya dhawuh timbalane | tarima têmên ingsun [2: 9: ingsu...n] | besuk ingsun lamun basuki | andon prang ing bang wetan | amapaga besuk | ing mêngko sira karia | sun alimi aja tut wuri ing kami | ing mangke Martanaya ||
121–122 dari 225