Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
30–31 dari 46
121–122 dari 225
1.210–1.219 dari 2.243
| 30.039 | ya ta wau sri bupati | budhal saking Surapringga | nglurug angilèn lampahe | gumêrah swaraning bala | narajang wanawasa | Amral Hèlduwèl Brèh wau | tumut mêdal ing dharatan || |
| 30.040 | kasukan samargi-margi | sang nata lan wadyabala | suka manahe punang wong | sagunging para dipatya | pasisir wetan samya | ambêkta dêdamêlipun | tinon lir dhandhang wurahan || |
| 31. Dhandhanggula | |
| 31.001 | tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta nagri Garobogan | anjog Samarang karsane | tan kawarna ing ênu | ya ta wontên pocapan malih | Ki Buyut Kêlaweyan | wau kang winuwus | lan anake Martanaya | duk sinuhun budhal saking nagri Têgil | alayar mring Jêpara || |
| 31.002 | Kêlaweyan lan anakirèki | samya sêgah nèng têngah lautan | akathah atur-ature | durèn lawan kêpundhung | myang pijêtan nanas lan manggis | pêlêm kuwèni năngka | sêmăngka lan timun | sang nata nuju kasatan | Martanaya suguhe katur sang aji | kêlangkung kapracaya || |
| 31.003 | pan dhinahar suguhe tumuli | sri narendra pan angrasa nikmat | dadya dhawuh timbalane | tarima têmên ingsun [2: 9: ingsu...n] | besuk ingsun lamun basuki | andon prang ing bang wetan | amapaga besuk | ing mêngko sira karia | sun alimi aja tut wuri ing kami | ing mangke Martanaya || |
| 31.004 | apan sampun midhangêt pawarti | lamun sinuhun lanang kang yuda | rawuh Sêmarang badhene | Ki Martanaya mêthuk | lan bapakne mapag narpati | wuwusên sri narendra | lampahira rawuh | anèng nagari Sêmarang | Kêlaweyan kalawan anakirèki | nênggih Ki Martanaya || |
| 31.005 | wus tumamèng pasanggrahan aji | sri narendra pan lagya sineba | kagyat wau duk praptane | Ki Martanaya iku | angandika sri narapati | hèh babo Martanaya | bagea sirèku | tur sêmbah Ki Martanaya | sampun katur suguhe marang narpati | sang nata angandika || |
| 31.006 | Kêlaweyan pan anakirèki | ingsun pundhut ya Si Martanaya | ingsun arsa nyaur sihe | sun junjung lungguhipun | aduwea nagri Sêmawis | lawan sun wèhi aran | arana puniku | Mas Ăngga Yudanêgara | Kêlaweyan asujud sumungkêm siti | langkung panuwunira || |
| 31.007 | pra dipati samya anêksèni | yèn Ki Martanaya aran êmas | Ăngga Yudanêgarane | apan ta wus misuwur | dènnya lênggah nagri Sêmawis | sêmana sri narendra | siniwi wadya gung | rêrêmbagan badhe kitha | sri narendra tan arsa kutha Matawis | Mangunonêng tur sêmbah || |
| 31.008 | yèn suwawi ngadhaton nèng Tingkir | datan arsa wau sri narendra | Ki Wiradigda ature | yèn karsa sang aprabu | sukune kang ardi Marapi | ing Logêndèr punika | sae papanipun | sri [2: 10] naranata tan arsa | Ki Urawan umatur sarwi wotsari | gusti ing Wanakarta || |
121–122 dari 225