Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
30 dari 46
118–119 dari 225
1.175–1.184 dari 2.243
| 30.004 | praptèng nagri Surawèsthi | sampun sami masanggrahan | lajêng angujung mring Ngampèl | sira Pangeran Lamongan | ginêmpalakên lênggah | ing Surabaya wong sèwu | sira Pangeran Lamongan || |
| 30.005 | sri naranata anuding | marang Radèn Mangunjaya | sira mringa Giri age [2: 4] | turêna sêmbah manira | ingsun dèn idènana | panjênênganingsun ratu | amêngku rat tanah Jawa || |
| 30.006 | lan kêris wasiyat Giri | iku suwunên dèn kêna | Ki Kalammunyêng arane | Ki Mangunjaya tur sêmbah | lèngsèr saking ngayunan | lampahe datan winuwus | wus prapta ing Giripura || |
| 30.007 | panggih lan Pangeran Giri | Mangunjaya wuwusira | pangeran kula kinèngkèn | dhatêng ing gusti kawula | Susunan Amangkurat | tuwan idènana iku | ing jênênging mêngku Jawa || |
| 30.008 | ngandika Pangeran Giri | kang jumênêng Amangkurat | ingsun takon sabênêre | wartane anake Amral | pêksa ngrabasèng Jawa | yèn èstu warta puniku | tan arsa sun ngidènana || |
| 30.009 | lamun wijiling Matawis | kang nama Prabu Mangkurat | ingsun idèni jênênge | jêr iku kang duwe Jawa | yèn dudu trah Mataram | tan arsa ngidèni ingsun | Mangunjaya matur salah || |
| 30.010 | kawula botên udani | wijile Sunan Mangkurat | ilok-iloking wong akèh | dene prayayi Mataram | akathah kang suwita | nanging wartane misuwur | inggih anake wong sabrang || |
| 30.011 | pun Amral ingkang ngêmbani | jumênêng ing nungsa Jawa | Pangran Giri ngandikane | wis Mangunjaya muliha | ingsun tan arsa seba | angidèni sun tan purun | kêris pinundhut tan suka || |
| 30.012 | Mangunjaya nulya amit | tan winarna lampahira | wus prapta Surabayane | lajêng tumamèng ngayunan | sang nata duk sineba | Ki Mangunjaya umatur | gusti pun Giri abăngga || |
| 30.013 | datan purun angidèni | [...][1] jênêng tuwan narendra | dhuwung pinundhut tan awèh | aseba [2: 5: ase...ba] pan botên nêdya | sang nata langkung duka | jajanira sumung-sumung | ngantirah pasuryanira || |
118–119 dari 225
| 1 | ing. (kembali) |