Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
31 dari 46
123–124 dari 225
1.227–1.236 dari 2.243
| 31.016 | Demang Kalêng lan Ki Jagapati | miwah sira Arya Tambakbaya | lan Arya Surajayane | Ki Măndhalika matur | mring sang nata sarwi wotsari | gusti kula miyarsa | nênggih wartinipun | rakanta umadêg nata | gêng karamat pun Trunajaya kajodhi | dene raka paduka || |
| 31.017 | bala tiyang sabrang warni-warni | anging wontên satêngahing warta | sutanya Amral yaktine | mêmindha amrih suyud | ngrabasèng rat talatah Jawi | sang nata angandika | apa yêktinipun | kalamun dudua kangmas | Măndhalika matur sarya awotsari | katawis yèn dedea || |
| 31.018 | dènnya nganggea cara Walandi | kula kuli ika mring wong kopar | tan pisah sanalikane | punika dedenipun | gusti mênggah watawis malih | têmêne yèn rakanta | dene abdinipun | rakanta kang lama-lama | inggih mêksih asuwita ing narpati | sagung wong kadipatyan || |
| 31.019 | sri narendra èmêng ingkang galih | angandika mring sagung punggawa | hèh [2: 12] wong ingsun sadayane | aywa padha katungkul | dèn samêkta dandanan jurit | manawa ana mêngsah | Si Amral angripu | măngsa wurunga ayuda | yèn Si Amral mêksa ngukuhi rat Jawi | yêkti caraka sura || |
| 31.020 | nadyan silih kakang mas dipati | yèn tan amrih arjaning nagara | wong kopar dèn têkakake | tan ngeman nagrinipun | anyambata asrah wong cilik | padha kinèn bokonga | mring wong sabrang iku | yèn mangkono kakang êmas | pêsthi ingsun saolèh-olèh nyabili | sira Sutawijaya || |
| 31.021 | kaya dudu kakangmas dipati | dene wartane ngaji mring Mêkah | mêngko mangkono dadine | dadya Walănda butun | Măndhalika awasna malih | dèn waspada ing warta | aja salah surup | kalamun dudu kakangmas | pasthi kono angantêp prang raup gêtih | matièng pabaratan || |
| 31.022 | lagya eca gènnya gunêm kawis | pan kasaru praptaning kang duta | dumarojog ing ngarsane | mundhi nawala katur | tinampanan dera narpati | têmbunge kang nawala | salam donga ingsun | Kangjêng Suhunan Mangkurat | Senapati Ngalaga Ngabdulrahmani | Sayidin Natagama || |
| 31.023 | tumêkaa mring dhimas Dipati | Pugêr ingkang madêg natèng laga | kang ngênggoni ing Palèrèt | sawusing salam ingsun | ingsun wèh wruh ing sira yayi | prakara mungsuh para | kang ngrusak Matarum | Si Trunajaya wus pêjah | wonge tumpês anadene ingsun yayi | ngadhaton bumi Pajang || |
| 31.024 | Wanakarta kang ingsun bakali | sira dhimas praptaa dèn enggal | ingsun onêng ing dhèwèke | titi kang surat sampun [2: 13: sa...mpun] | angandika sri narapati | hèh duta wus balia | sun pikire pungkur | duta tur sêmbah umangkat | lèngsèr saking ngarsaning sri narapati | sigêgên ingkang duta || |
| 31.025 | saungkure duta gunêm kawis | wau Kangjêng Susunan Ngalaga | lawan para punggawane | ngandika sang aprabu | kayaparan kabèh sun tari | umatur Măndhalika | adhuh gustiningsun | tan eca raosing driya | bokmanawi saking gunaning Kumpêni | akarya mindha-mindha || |
123–124 dari 225