Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
31 dari 46
124–125 dari 225
1.233–1.242 dari 2.243
| 31.022 | lagya eca gènnya gunêm kawis | pan kasaru praptaning kang duta | dumarojog ing ngarsane | mundhi nawala katur | tinampanan dera narpati | têmbunge kang nawala | salam donga ingsun | Kangjêng Suhunan Mangkurat | Senapati Ngalaga Ngabdulrahmani | Sayidin Natagama || |
| 31.023 | tumêkaa mring dhimas Dipati | Pugêr ingkang madêg natèng laga | kang ngênggoni ing Palèrèt | sawusing salam ingsun | ingsun wèh wruh ing sira yayi | prakara mungsuh para | kang ngrusak Matarum | Si Trunajaya wus pêjah | wonge tumpês anadene ingsun yayi | ngadhaton bumi Pajang || |
| 31.024 | Wanakarta kang ingsun bakali | sira dhimas praptaa dèn enggal | ingsun onêng ing dhèwèke | titi kang surat sampun [2: 13: sa...mpun] | angandika sri narapati | hèh duta wus balia | sun pikire pungkur | duta tur sêmbah umangkat | lèngsèr saking ngarsaning sri narapati | sigêgên ingkang duta || |
| 31.025 | saungkure duta gunêm kawis | wau Kangjêng Susunan Ngalaga | lawan para punggawane | ngandika sang aprabu | kayaparan kabèh sun tari | umatur Măndhalika | adhuh gustiningsun | tan eca raosing driya | bokmanawi saking gunaning Kumpêni | akarya mindha-mindha || |
| 31.026 | Pangran Natakusuma wotsari | adhuh gusti suwawi asowan | mokal yèn agawe-gawe | dene pasisir suyud | yèn dedea ta kadipundi | sumambung Măndhalika | dedene puniku | têka arupa Walănda | iya saking bisa-bisaning Kumpêni | tan eca linambana || |
| 31.027 | angandika wau sri bupati | Natakusuma sira sun duta | talikanên sayêktine | lan Si Natabratèku | sun gawakkên minăngka kanthi- | nira ana ing marga | kang kinon wotsantun | Pangeran Natakusuma | lawan Radèn Natabrata dyan lumaris | budhal saha balanya || |
| 31.028 | kawarnaa dutaning narpati | Pangalasan prapta Kartasura | lajêng tumamèng ngarsa ge | tur sêmbah sarya matur | inggih tuwan amba wus prapti | nagari ing Mataram | arinta kêpangguh | kang umadêg natèng laga | datan arsa rayinta seba tumuli | amawi walangdriya || |
| 31.029 | dhawuhipun rayi jêng narpati | inggih amba kinèn rumiyina | lagya pinikir pungkure | warnanên dutanipun | Susuhunan Nglaga Matawis | aran Natakusuma | lan Natabratèku | prapta nagri Kartasura | sri narendra pan lagya miyos [2: 14: mi...yos] tinangkil | andhèr kang wadyabala || |
| 31.030 | ingkang munggèng ngarsaning narpati | Rahadyan Patih Anrangkusuma | tuwin para pratiwa kèh | kang pratiwa nung-anung | Arya Sindurêja nèng ngarsi | myang Dipati Urawan | linggih jajaripun | Tumênggung Wirawidigda | Mangunonêng myang sagung para dipati | pasisir munggèng ngarsi |[1]| |
| 31.031 | Radèn Anrangkusuma wotsari | matur dhatêng jêng sri naradipa | wontên dutaning nak anggèr | nênggih arinta prabu | ingkang ngutus sowan sang aji | Pangran Natakusuma | pratiwa nung-anung | lan Natapraja juganya | sri narendra sigra angandika aris | sebakna ing ngarsèngwang || |
124–125 dari 225
| 1 | Biasanya guru lagu a: ngarsa. (kembali) |