Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
31 dari 46
125–126 dari 225
1.245–1.254 dari 2.243
| 31.034 | Pangran Natakusuma lingnya ris | adhi Natabrata pakênira | tumuli muliha age | matura lamun èstu | yèn kang raka sri narapati | Natabrata gya linggar | ing ngarsa sang prabu | tan kawarna kang lumampah | kawuwusa sri narendra ing Matawis | lagya siniwèng wadya || |
| 31.035 | pratiwa nung-anung nèng ngarsa ji | Arya Măndhalika matur nêmbah | dhuh gusti yèn [2: 15: yè...n] karsa anggèr | sampun nêdya cumundhuk | nadyan silih rakanta aji | pan paduka mahraja | tan wontên lyanipun | nadyan raka naranata | swalèng karsa kait lan wadya Kumpêni | arsa ambèncèng karsa || |
| 31.036 | sri narendra lagyeca tinangkil | pan kasaru praptaning kang duta | tumamèng ngabyantarane | Radèn Natabratèku | sumusup ing sri narapati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | sampun karsaning Hyang Sukma | Natabrata samana umatur silip | marang sri naranata || |
| 31.037 | dhuh pukulun amba sampun prapti | nagri Kartasura Adiningrat | ananging inggih yêktine | rakanta sang aprabu | ing watawis kawula gusti | kados sutaning Amral | kêdhik kikibipun | lawan jêng raka sang nata | abdi dalêm pun Natakusuma gusti | tan arsa umantuka || |
| 31.038 | asuwita narpaning Kumpêni | sri narendra aputêk ing driya | Natakusuma karine | yèn tan wus nyata iku | kakang êmas ingkang ngrênggani | ing kadhaton Wanarja | măngsa nêdya kantun | iya Si Natakusuma | Arya Măndhalika umatur wotsari | punapa karsa nata || |
| 31.039 | yèn paduka cumundhuk raka ji | lamun dèrèng kasoran ing yuda | gusti kalangkung nisthane | pan paduka pukulun | inggih sampun umadêg aji | sineba wong Mataram | tur sarya jêjuluk | Susuhunan ing Ngalaga | têka mangke anglungsur dadi wong cilik | kadipundi tyasira || |
| 31.040 | duk miyarsa ature prajurit | pambangusing Arya Măndhalika | sang narpa madêg surane | myang prajurit nung-anung | samya kagyat iyêging jurit | lumakwèng [2: 16: lu...makwèng] adilaga | angrurah ing satru | kang sêdya doning Wanarja | wadya sabrang kang ambêk angrêrusuhi | sêdya angangkah ing rat || |
| 31.041 | Măndhalika matur sarya nangis | gusti lamun kawula apêjah | dèn anggea bêbalunge | linuluh ing bumyèku | têtêngkêrên gusti rumiyin | karyanên mimis obat | bêdhilêna mungsuh | ing Walănda pêksa sura | sukur bage matia prang lan Kumpêni | asêdya sabilolah || |
| 31.042 | amba gusti sampun amênangi | yèn Walănda lanang anèng Jawa | amba mirsa wirayate | winalik jagad rêtu | milanipun paduka gusti | mugi-mugi wontêna | pitulung Hyang Agung | lamun tuwan kalilana | madêg nata tan nganggo bala wong kapir | amba awèta gêsang || |
| 31.043 | yèn tulusa yudane wong kapir | amba gusti anuntêna pêjah | anglampahi ayahane | kadya jinait wau | driyanira sri narapati | wus angundhangi wadya | pratiwa nung-anung | asaosa mapag yuda | tan winarna gêntia winuwus malih | Sang Aprabu Mangkurat || |
125–126 dari 225