Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31–32 dari 46
126–127 dari 225
1.258–1.267 dari 2.243
31.047 miwah sagung kang bala Kumpêni | wus siyaga para mayorira | miwah para kapitane | datan kawarnèng dalu | ya ta enjang anêmbang bèri | gumêrah ponang bala | baris ngalun-alun | gêgamane warna-warna | anglir surya sing udaya giri mijil | tinon mrabani jagad ||
31.048 sri narendra budhal amênuhi | lir jalanidhi tumraping dharat | wadyakuswa ambêlèbèr | myang wukir jugrug guntur | lan pamoring kang swandana ngrik | myang kriciking warastra | barungan gong tambur | măngka panganjuring lampah | Mangkuyuda pangirit lampah kang kering | wong ing Surănggakara ||
31.049 praptèng sagung wadya ingkang ngarsi | ginêlakan muntab ambêlabar | cucuke anèng Karècèk | sang nata praptèng Dlanggu | masanggrahan sri narapati | wadya kang munggèng ngarsa | nglarug mring Kalêpu | ing Pokak apan kèbêkan | wong Kumpêni tansah munggèng kanan kering- | ira sri naranata ||
31.050 sri narendra nèng Dlanggu sawêngi | enjang budhal sumahab kang bala | Mêlinjon pasanggrahane | dene wadya pangayun | wus angancik ing Lawang Taji | miwah ing Parambanan | kèbêkan wadya gung | kunêng wadya Kartasura | dyan wuwusên kang ngadhaton ing Matawis | Prabu Jingga nonoman [2: 18: nonoma...n] ||
32. Durma
32.001 kawarnaa wau Sang Prabu Ngalaga | enjing miyos tinangkil | andhèr kang punggawa | nung-anung munggèng ngarsa | Arya Măndhalika nênggih | Gajahpramada | Tumênggung Jagawèsthi ||
32.002 Arya Surajaya Arya Tambakbaya | praptèng ngarsa sang aji | Dêmang Klalêngseya | Ngabèi Panjêr ika | Jênar Bocor munggèng ngarsi | Răndha Pitêrah | Nilasraba anangkil ||
32.003 Arya Măndhalika manêmbah aturnya | pukulun mêngsah prapti | pêksa angruraha | nagrinta Ngèksigănda | dèntên panganjuring jurit | ing Pêrambanan | pênuh wadya kang baris ||
32.004 Hèlduwèl Brèh nèng Malinjon pakuwonnya | tata gyan kanan kering | sira naradipa | sigra wau ngandika | hèh undhangana dèn aglis | wadya Mataram | sun arsa mapag jurit ||
32.005 Măndhalika apa gêlaring ayuda | aprang mungsuh Kumpêni | beda lan Madura | umatur Măndhalika | yèn karsa paduka aji | pinara tiga | amrih kiwuling jurit ||
32.006 jêng paduka gusti amangkua dhadha | kanan amba nindhihi | ing kering punika | inggih Gajahpramada | sigra bêndhe sri bupati | wadya kumêrap | gumêr gumuruh atri ||
126–127 dari 225