Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 46
126 dari 225
1.251–1.260 dari 2.243
31.040 duk miyarsa ature prajurit | pambangusing Arya Măndhalika | sang narpa madêg surane | myang prajurit nung-anung | samya kagyat iyêging jurit | lumakwèng [2: 16: lu...makwèng] adilaga | angrurah ing satru | kang sêdya doning Wanarja | wadya sabrang kang ambêk angrêrusuhi | sêdya angangkah ing rat ||
31.041 Măndhalika matur sarya nangis | gusti lamun kawula apêjah | dèn anggea bêbalunge | linuluh ing bumyèku | têtêngkêrên gusti rumiyin | karyanên mimis obat | bêdhilêna mungsuh | ing Walănda pêksa sura | sukur bage matia prang lan Kumpêni | asêdya sabilolah ||
31.042 amba gusti sampun amênangi | yèn Walănda lanang anèng Jawa | amba mirsa wirayate | winalik jagad rêtu | milanipun paduka gusti | mugi-mugi wontêna | pitulung Hyang Agung | lamun tuwan kalilana | madêg nata tan nganggo bala wong kapir | amba awèta gêsang ||
31.043 yèn tulusa yudane wong kapir | amba gusti anuntêna pêjah | anglampahi ayahane | kadya jinait wau | driyanira sri narapati | wus angundhangi wadya | pratiwa nung-anung | asaosa mapag yuda | tan winarna gêntia winuwus malih | Sang Aprabu Mangkurat ||
31.044 pan ing mangke sang nata tri sasi | dènnya ngêdhaton nèng Kartasura | samana dina Somane | siniwi ing wadya gung | pêpak andhèr para dipati | lan sagunging pratiwa | kang samya nung-anung | Rahadèn Anrangkusuma | mangênjali ing nata umatur aris | pukulun rinta nata ||
31.045 kang umadêg Prabu Ngalaga di | èstu datan arsa cumundhuka | inggih kenging pambanguse | wadya sura nung-anung | ari nata umadêg baris | nata mèsêm ngandika | adhuh arèningsun | anggugu aturing rucah | kang sayêkti baya karsaning [2: 17: kar...saning] Hyang Widi | mangsaning lali kadang ||
31.046 Nrangkusuma sun tindak pribadi | undhangana sagung wadyabala | miwah Si Amral Duwèl Brèh | kabèh pasisir iku | poma kabèh wêlêgên sapi | bêras lan brambang bawang | poma dèn atuwuk | sang nata jêngkar ngadhatyan | dyan warnanên sagunging para dipati | prasamya asiyaga ||
31.047 miwah sagung kang bala Kumpêni | wus siyaga para mayorira | miwah para kapitane | datan kawarnèng dalu | ya ta enjang anêmbang bèri | gumêrah ponang bala | baris ngalun-alun | gêgamane warna-warna | anglir surya sing udaya giri mijil | tinon mrabani jagad ||
31.048 sri narendra budhal amênuhi | lir jalanidhi tumraping dharat | wadyakuswa ambêlèbèr | myang wukir jugrug guntur | lan pamoring kang swandana ngrik | myang kriciking warastra | barungan gong tambur | măngka panganjuring lampah | Mangkuyuda pangirit lampah kang kering | wong ing Surănggakara ||
31.049 praptèng sagung wadya ingkang ngarsi | ginêlakan muntab ambêlabar | cucuke anèng Karècèk | sang nata praptèng Dlanggu | masanggrahan sri narapati | wadya kang munggèng ngarsa | nglarug mring Kalêpu | ing Pokak apan kèbêkan | wong Kumpêni tansah munggèng kanan kering- | ira sri naranata ||
126 dari 225